Senin, 31 Januari 2011

kelas X wulangan 2

WULANGAN 2
KABUDAYAN

I. NYEMAK

A. Upacara Adat
Mantu
Mantu dipuntegesi kagungan damel ngemah-emahaken putra putrinipun ingkang
sampun diwasa. Dipunarani ngemah-emahaken amargi nyawijekaken putrinipun
(prawan) kaliyan jejaka, lajeng manggen wonten ing satunggaling panggenan/tunggal
griya lan gesang sesarengan ing madyaning bebrayan. Manunggaling prawan lan jejaka
wonten ing bebrayan saged mawohaken kabagyan, kamulyan lan putra ingkang bakal
nerusaken keturunanipun.
Miturut tata cara adat jawa, saderengipun mantu, dipunwiwiti rerangkening tata
cara, inggih menika :

a.Lamaran

Lamaran menika rerangkening tata cara nalika tiyang sepuhipun jejaka sowan ing
dalemipun tiyang sepuh ingkang putri ingkang dipuntuju dados jodhonipun. Ingkang
badhe bebesanan rembagan bab sesambetan tresna para putranipun dipunsekseni
kulawarga lan sanak sedherek.

b.Paningset lan lambang kalpika (tukar cincin)

Menawi lamaran sampun dipuntampi, lajeng calon besan nemtokaken wekdal
kangge tata upacara paningsetan kanthi lambang kalpika, limrahipun ugi
dipunkantheni piranti sanesipun kados dene arta, ageman, mas-masan, jajanan (jadah,
wajik, jenang, roti), woh-wohan, urip-urip (ayam, bebek, banyak, lsp). Sedaya wau
minangka lambang lan wujud tanggel jawab ingkang bakal dipuntindakaken calon
penganten kakung dhumateng calon garwane lan kulawarganipun, kedah nyekapi
sandhang pangan lan ubarampe kangge penguripanipun.
Sasampunipun tata upacara lamaran lajeng dipuntindakaken tata cara upacara
mantu.

1.Pasang tarub
Tarub kerata basanipun ditata supados katingal murub. Maknanipun menawi
badhe nampi tamu limrahipun nata panggenan supados katinggal becik, dipunparingi
rerenggan supados endah lumrahipun dipunrenggani janur kuning (janur = sejane nur /
cahya).

2.Buwangan
Ingkang dipunbucal inggih menika takir isi kacang-kacangan, bumbon, rajangan
daging, arta receh. Sedaya wau minangka lambang mbucal sedayaning sukerta lan
pepalang supados pakaryan ingkang dipuntindakaken mboten wonten alangan.

3.Pasang tuwuhan
Tuwuhan tegesipun maneka warni taneman ingkang dipuntata ing tarub,
wujudipun, pisang suluh setundhun, cengkir gadhing, tebu, ron (kluwih, alang-alang,
ringin), pantun sawuli, lsp. Maknanipun supados temanten saged nuwuhaken gesang
mulya, dados tuladhaning kulawarga.

4.Siraman
Siraman dipuntindakaken sedinten sederengipun upacara dhaup (nikah),
maknanipun calon penganten resik lair lan batinipun, dipuntindakaken sesepuhing
penganten.

5.Midodareni
Midodareni asalipun saking tembung widadari, maknanipun supados calon
penganten endahing warna kaya widadari, saderengipun upacara nikah.
Sasampunipun tata cara menika katindakaken lajeng dipuntindakaken upacara
dhaup (ijab) dipunlajengaken upacara pawiwahan (ijab lan upacara panggih),
pahargyan (pesta/resepsi).


B. Gladhen
Kapadosna tuladha sanesipun saking upacara adat Jawa kanthi wujud artikel!

II. WICARA

A. Unggah-ungguh Pasrawungan
Wonten ing madyaning pasrawungan, unggah-ungguhing wicara utawi nalika
pacelathon (guneman) kedah nggatosaken basa lan tetembungan ingkang
dipunginakaken. Kedah njagi lathi lan ngatos-atos anggenipun matur supados mboten
ngedalaken tetembungan ingkang damel seriking tiyang sanes. Kados dene paribasan
Mulutmu Harimaumu lan Ajining Dhiri Dumunung ing Lathi. Menika minangka
sanguning manungsa ing pasrawungan.
Pramila, kadang remaja kedah saged membawa diri utawi kedah saged empan
papan. Kados pundi unggah-ungguhipun nalika matur kaliyan bapak ibu wonten ing
dalem, matur kaliyan bapak ibu guru wonten ing sekolah, kaliyan tiyang sanes ingkang
langkung sepu lan dipunajeni, saha kaliyam tiyang ingkang sebabag lan ingkang
langkung enem.
Samanten ugi anggenipun kekancan kaliyan tiyang sanes utawi kaliyan tiyang
ingkang sebabag kedah sageda milah-milah pundi ingkang sae lan pundi ingkang
kirang sae. Kados dene unen-unen Aja Cedhak Kebo Gupak, ingkang tegesipun kedah
pinter anggenipun srawung, amargi kanca srawung saged njalari tumindak lan
pakulinan awakipun piyambak. Tuladhanipun menawi kita srawung kaliyan tiyang
ingkang pakulinanipun mendem, main, lan narkoba, kita saged ketularan lan dados
nindakaken pakulinan kados ingkang kala wau. Pramila, kita kedah saged milah-milah
kanca srawung supados tumindak kita mboten nyimpang.

B. Gladhen
Kados pundi unggah-ungguhipun siswa nalika wonten ing griya, sekolah, lan wonten
ing masyarakat! Saha kados pundi tumindak ingkang sae ingkang saged dipunpanggihi
ing sakiwatengenipun awakipun piyambak!

III. MAOS
A. Lelagon Campursari
Campursari inggih menika lelagon Jawa ingkang ngemot pinten-pinten aspek
seni. Campursari kalebet lelagon amargi anggenipun maos utawi nembang saged
kanthi cara dipunlagokaken (kanthi solah bawa). Lelagon ingkang asring dipunangge
campursari saged wujud macapat, langgam, gendhing, lagu dolanan, tembang gedhe
lsp. Lelagon campursari menika mboten gadhah aturan ingkang baku utawi gumathok,
ingkang mesti saged damel gumyak lan seneng ingkang mirengaken, ugi saged kangge
ngelipur manah. Cakepanipun ugi prasaja lan gampil dipunapalaken, dipunremeni
dening para mudha lan sepuh, malah kepara dipunremeni lare-lare.
Ingkang ngiringi dumados saking gamelan (instrument tradhisional) kadosta :
kendhang, saron, demung lsp. Saha alat musik modern kadosta : gitar, bas, drum,
organ, lsp. Kekalihipun dipuntabuh sesarengankanthi laras lan sekeca dipunpirengaken.
Penyanyi utawi paraga ingkang nglagokaken dipunarani wiraswara utawi
swarawati. Penyanyi ingkang kondhang utawi misuwur kadosta : Manthous, Didi
Kempot, Waljinah, Sony Joss, lsp. Isinipun lelagon campursari saged manekawarni,
umpaminipun nggambaraken katresnan, papan wisata, susahing ati, lelucun lsp.

Tuladha lelagon campursari:
1. Wujud langgam
Caping Nggunung
(Bawa sekar macapat pangkur)
Saben bengi nyawang kunang
Yen memajang mung karo janur kuning
Kembang wae weton nggunung
Pacitan sarwi jenang
Panas udan aling-aling caping nggunung
Nadyan wadon sarta lanang
Inumane banyu bening
Langgam caping gunung:

Dhek jaman berjuang njur kelingan anak lanang
Biyen tak openi, ning saiki ana ngendi
Jarene wis menang keturutan sing digadhang
Biyen nate janji ning saiki apa lali

Reff : Neng nggunung tak cadhongi sega jagung
Yen mendung tak silihi caping nggunung
Sokur bias nyawang, gunung desa dadi reja
Dene ora ilang nggone padha lara lapa

2. Wujud lelagon
Cinta tak terpisahkan
Wiraswara : Dhuh Denok gandhulaning ati tegane nyulayani
Janjimu sehidup semati amung ana ing lathi
Rasa sayangmu sudah pergi tak menghiraukan aku lagi
Dhuh Denok gandhulaning ati tegane nyulayani

Swarawati (*) : Dhuh kangmas jane aku tresna lilakna aku lunga
Ati rakuat nandhang rasa, rasa keranta-ranta
Cintamu sudah tak beneran, aku hanya buat mainan
Dhuh kangmas jane aku tresna lilakna aku lunga

Wiraswara:
Tresna iki dudu mung dolanan
Kabeh mau amarga kahanan
Sing tak jaluk amung kasabaran
Mugi gusti pareng kasembadan

Swarawati:
Nggo ngedhem atiku
Men aku ra mlayu
Ning tanggung jawabmu itu palsu

Wiraswara:
Dhenok aku cinta beneran
Pasti kan kubuktikan
Ayah ibuku akan datang
Melamar dikau saying

Swarawati:
Hatiku turut mendoakan

Semoga Tuhan mengabulkan

Swarawati+Wiraswara :
Cinta kita tak terpisahkan walau diakhir zaman
(Wangsul (*))

3. Wujud gendhing
Gendhing inggih menika lelagon ingkang kairing gamelan

Lancaran Gugur Gunung

2 7 2 7 2 7 2 7 3 5 7
A - yo kan-ca a - yo kan-ca nga-yah- i

6 3 2 7 6
kar-ya-ning pra - ja

2 3 2 3 2 3 2 3 2 7 6 5 6 2 5 3
Ke- ne ke - ne ke - ne ke - ne gu - gur gu-nung tandang ga-we

5 6 6 6 6 6 2 3 5 6 5 7 6 5
Sa - yuk sa -yuk ru-kun be - ba - re-ngan sak- kan-ca - ne

2 3
Li - la

3 3 3 3 5 6 7 5 6 5 3 2
lan le - ga-wa kang-go mul-ya-ning ne - ga - ra

2 7
Si - ji

2 7 2 7 2 7 .
lo - ro te - lu pa - pat

3 5 6 6 6 6
ma- ju pa - pat pa - pat

3 6 7 6 3 3 3 2 7 6 5 3 3 3
Di - u - lang u - lung- a - ke mes -thi eng-gal ram-pu - nge

6 6 6 6 6 .
Ho- lo - bis kun-tul

3 3 3 3 3 .
Ho- lo - bis kun-tul

6 6 .
ba - ris

3 3 .
ba - ris

5 5 5 5 5 .
ho - lo - bis kun-tul

7 2 6 5 3 .
ho - lo - bis kun-tul

5 5
ba - ris

2 2
ba - ris

Piwulang budi pekerti ing tembang Gugur Gunung

1. Kedah rukun kaliyan kanca, tangga lan sedherek
2. Nyambut damel menawi dipuntindakaken sesarengan, enggal rampung
3. Gotong royong saged ngraketaken pasedherekan
4. Menawi nyambut damel kedah eklas (lila legawa) supados pikantuk rahmating
Gusti
5. Warga kedah labuh negara, supados negara lan bangsa mulya raharja


B. Gladhen
Kadamelna gancaranipun saking tembang-tembang kala wau lajeng kapadosna
budi pakartinipun!

IV. NYERAT

A. Serat Jawi
Serat menika salah satunggaling sarana kangge sambung gunem (komunikasi)
ingkang awujud sinerat/tinulis. Serat menika wujudipun prasaja, mirah saha gampil
anggenipun damel.
Serat kaperang dados kalih, inggih menika :

1.
Serat resmi, tuladhanipun :
a. Serat ulem (undangan)
Serat ulem inggih menika serat ingkang isinipun atur dhateng tiyang sanes
amargi badhe kagungan damel utawi kagungan kersa. Ingkang dipunulemi
supados rawuh ing papan lan wekdal ingkang sampun katemtokaken.
Tuladhanipun : serat ulem mantu, syukuran, supitan, lsp.
b. Serat lelayu
Serat lelayu inggih menika isi kabar sedanipun satunggaling tiyang.
c. Serat prajanjen
Serat prajanjen inggih menika serat ingkang dipundamel satunggaling tiyang
dhateng tiyang sanesipun ingkang isinipun babagan dol-tinuku, sewa-sinewa lsp.
Kangge pikukuh utawi bukti menapa ingkang badhe dipuntindakaken.
d. Serat dhawuh (perintah)
Serat dhawuh inggih menika isinipun panyuwun dhateng tiyang sanes supados
tiyang wau nindakaken menapa ingkang dipundhawuhaken.
e. Serat kekancingan (keputusan)
Serat kekancingan inggih menika isinipun babagan ingkang kedah
dipunlampahi dhateng tiyang sanes menapa ingkang sampun katetepaken.

2.
Serat mboten resmi
Tuladhanipun serat iber-iber (serat pribadi) ingkang isinipun prekawis pribadi,
ingkang kaandharaken saged menapa kemawon gumantung kabetahanipun ingkang
nyerat.
Peranganing serat resmi ingkang limrah inggih menika :

1. Papan saha titi mangsa
2. Adangiyah (tiyang ingkang dipuntuju)
3. Purwa basa (pambuka)
4. Surasa basa (isi)
5. Wasana basa (panutup)
6. Paprenahan
7. Tapak asma
8. Asma

Tuladha serat ulem :

(1) Ngayogyakarta, 20 Juli 2009
(2) Katur
Panjenenganipun Bapak/Ibu/Sedherek………….
Ing…………..
(3) Assamu’alaikum Wr.Wb.
Nuwun kanthi puja puji hastuti, sinartan sagunging pakurmatan,
(4) lumantaring serat menika keparenga kula angrerantu rawuh panjenengan
wonten ing :
dinten : Jemuah pon
titimangsa : 24 Juli 2009
wanci tabuh : 10.00
papan : Balai Wartawan Jalan Mangkubumi 15 Ngayogyakarta
adicara : Wisuda Pawiyatan Pranatacara Yayasan Kinanthi
(5) Wasana keparenga kula ngaturaken agunging panuwun, awit saking
kawigatosan saha rawuh panjenengan.
Wassalamu’alaikum Wr.Wb.
(6) Pangarsa Yayasan,
(7)
(8) Dra. Dwi Siti Puspitasari



B.Gladhen:
Kadamelna salah satunggaling jinising serat resmi!

Tidak ada komentar:

LAPORAN PRAKTEK KERJA LAPANGAN (PKL) PROGRAM KEAHLIAN FARMASI KLINIS DAN KOMUNITAS

  LAPORAN PRAKTEK KERJA LAPANGAN (PKL) PROGRAM KEAHLIAN FARMASI KLINIS DAN KOMUNITAS SMK  APOTEK QIRANI FARMA (Waktu Pelaksanaan: ...