Kamis, 03 Februari 2011

WULANGAN 3

PARIWISATA

I. NYEMAK

A. Nyemak Wacana

Taman Sari
Taman Sari gadhah kalangkungan menawi dipuntandhingaken kaliyan obyek
wisata sanesipun. Kejawi gadhah wisata sejarah awit minangka peranganing Kraton
Ngayogyakarta. Papanipun gampil dipuntuju, kejawi dados aset wisata kalebet ugi aset
budaya, minangka tinggalaning purbakala.
Taman Sari manggen ing sisih kidul kilen (barat daya) saking kraton, ing
salebeting beteng. Miturut riwayatipun, Taman Sari kabangun dening Sri Sultan
Hamengku buwono I rikala taun 1758 Masehi. Minangka papan palerenan kaluwarga
kraton, papan rekreasi ugi beteng pertahanan. Taman Sari kabangun laminipun
watawis 4 taun, kawiwitan nalika taun 1687 (taun Jawa)) ngantos dumugi taun 1691.
Sesebatan sanesipun saking Taman Sari inggih menika water castle utawi istana
air, utawi Kraton Banyu, amargi ing ngriku wonten Taman Segaran ugi tanemanipun
sekar kenangan ingkang arum lajeng papan manika dipunnamani Kraton Pulo
Kenanga, maningka mapanipun Sri Sultan HB I ngantos dumugi HB II. Ing sisih kilen
wonten mesjid Taman Sari ingkang dumados saking kalih tataran., tataran ingkang
sepisan papanipun sholat prameswari/ratu, tataran ingkang kaping kalihipun kangge
papan sholatipun Sultan, ing tengahipun wonten ingkang kawastanan Sumur Gumuling
menika papan kangge wudhu. Saking sumur gumuling wonten trowongan kirang
langkung 25 km ingkang tembus dhateng Parangkusuma.
Salebeting taman wonten papan padusan kangge para putri Sultan dipunnamani
Umbul Kawitan, umbul Pamuncar kangge Ratu, dene umbul
Pangurasapanpasiramaning Sultan. Manggen ing antawisipun umbul pamuncar lan
umbul panguras. Wonten Gedhung Cemeti panggenanipun pusaka Kraton. Ing sisih
kiudulipun Kraton pulo kenanga wonten pulo penambung, papan kangge semedi
Sultan sisih wetan taman Segaran, papan kengge praon ngangge gethek lan wonten
weawngunan arupi plengkung Taman Segaran. Nalika mlebet ing Taman sari ngliwati
Gapura Agung (saking sisih kilen), dipun pungkasi Gapura Panggung (sisih wetan).
Wewangunan ing Taman Sari meneka warna cakrike, wonten cakrik (model) jawa
asli, Hindu, Budha, Islam, Cina, Eropa. Miturut cariyos ingkang sumebar, wonten
tiyang Portugis nama Tegis ingkang praunipun kesasar ing Parangtritis, sarehne tiyang
wau saged damel wewangunan (arsitek) lajeng kepasrahan damel taman lan
wewangunan ing salebeting taman. Dipunpandhegani Pangeran Notokusumo (paku
alam I) Tumenggung Mangundipuro, Prawirasentika (Bupati Madiun) lan demang
Tegis (tiyang Portugis).
Pandameling Taman Sari, saking bata campuran adhukan kapur, pasir, degan
(banyu klapa) lan pethaking tigan. Ing sakiwa tengening wewangunan dipuntanemi
maneka warni jinising wit-witan, woh-wohan, kekembangan, sayuran lan taneman
obat.
Kawontenanipun Taman Sari samenika sampun kathah ingkang risak amargi

lindhu, jawah, panasing srengenge lan

tangan jail para wisatawan. Ing

sakiwatengenipun kathah wewangunan griya kangge panguripanipun tiyang kampung
lan nyawiji kaliyan taman Sari. Menawi mboten dipunjagi kanthi becik, situs
purbakala menika saged risak lan mbebayani tumprap keslametanipun warga ingkang
manggen ing sakiwa tengenipun. Wonten untungipun, wondene warga wau lajeng sami
ngedegaken toko krajinan kangge tandha mata (cindera mata) para wisatawan ingkang
sami ningali situs purbakala menika.

B. Pawartos
Pawartos inggih menika kabar ingkang dipunwarakaken dhateng liyan. Pawartos
saged arupi sinerat ugi saged ingkang kaucapaken.
Bab-bab ingkang kedah wonten ing pawartos inggih menika 5W + 1H.

What = apa = menapa
Who = sapa = sinten
When = dhek kapan = nalika kapan
Where= neng ngendi = wonten pundi

Why = kena apa = kenging menapa
How = kepriye = kados pundi

Tuladha pawartos:
Tiyang kalih saking Magelang, Jawi Tengah kanthi ngginakaken scooter-ripun
kekesahan nuju dhateng Sabang, Pulo Sumatra. Tiyang kalih wau ing salebeting
lampahipun ugi badhe mampir wonten ing sawetawis laladan kangge mbiwarakaken
wontenipun papan-papan wisata ingkang sae ing Magelang.
Palapuran saking Reporter:
Iring-iringan pandhemen vespa ingkang manunggal ing pakempalan Brother
Scooter Magelang (BSM) menika mboten saweg ngadani konvoi utawi pawai
ananging saweg nggelar pakurmatanipun dhumateng rencangipun ingkang badhe
bidhal dhateng Sabang ing Pulo Sumatra kanthi numpak vespa. Tiyang kalih ingkang
nekad bidhal menika Ainun Rohim umur 34 taun warga saking Salaman sarta Narwan
43 taun warga saking Tempuran, Magelang.
Dene vespa ingkang kaginakaken lelana dhateng Sabang kasebat inggih menika
Spring Vespa taun 1937 ingkang sampun dipunmodhifikasi. Ainun Rohim suka
katrangan bilih kridhanipun menika kanthi ancas badhe mbiwarakaken papan-papan
wisata ingkang wonten ing Magelang, Jawi Tengah. Kekalih scooterhood menika
ngajab mugi-mugi kridha menika saged lumampah kanthi lancar mboten wonten
rubeda menapa-menapa lan salajengipun saged wangsul kanthi wilujeng. Kridha
menika kadadosna tuladha lan saged dipuntindakaken ugi dening para pandhemen
tetumpakan utawi bikers sanesipun.

C. Gladhen
Wangsulana kanthi basa ingkang sae migunakaken basa karma!
1. Cobi aranana kaluwihanipun Taman Sari menawi dipuntandhangaken kaliyan
papan wisata sanesipun.
2. Menapa satemene pigunanipun Taman Sari menika?
3. Sinebat menapa kemawon Taman Sari menika?
4. Aranana wewangunan ing Taman Sari lan pigunanipun!
5. Sinten ingkang mandhegani pandameling Taman Sari?
6. Menapa ingkang njalari risaking Taman Sari?
7. Wewangunan ing Taman Sari menika dipundamel saking menapa?
8. Kejawi wewangunan, menapa ingkang wonten ingsalebeting taman?
9. Kados pundi kawontenan sakiwa tengenipun Taman Sari samenika?
10. Menapa untungipun kathah warga ingkang manggen wonten ingsakiwa
tengening situs purbakala (Taman Sari) menika?

Wonten ing griya para siswa nyemak pawartos basa Jawi ing televisi utawi ing
radhio, lajeng dipunserat lan kadamelna pitakonan lan wangsulanipun saking
pawartos kala wau (5W + 1H)!

II. WICARA

Saben manungsa mliginipun para siswa sampun mesthi gadhah
pengalaman-pengalaman ingkang nyenengaken, nelangsa, kuciwa, lan
sapanunggalanipun. Lan ugi mesthi sampun nate gadhah pengalaman nalika
plesiran wonten ing salah satunggaling papan rekreasi utawi papan wisata.
Saking pengalaman-pengalamanipun para siswa, cobi kaandharna salah
satunggal penglamanmu nalika plesiran dhateng salah satunggaling papan
rekreasi utawi papan wisata

III. MAOS

A. Sekar Macapat
Sekar macapat inggih menika salah satunggaling sekar alit ingkang nggadhahi
aturan ingkang sampun gumathok inggih menika guru gatra, guru wilangan lan guru
lagu.

-Guru gatra : cacahing larik saben satunggal pada
-Guru wilangan : cacahing wanda (suku kata) saben satunggal larik (gatra)
-Guru lagu : tibaning swara ing pungkasaning gatra.

Jinising sekar macapat wonten sawelas, ingkang saged dipungambareken kados
dene urut-urutaning lelampahaning manungsa saking wiwit bayi dumugi tumekaning
seda, inggih menika :

1. Maskumambang
Nggambaraken jabang bayi nalika taksih wonten ing kandhutanipun ibu,
ingkang dereng kawruhan jaler menapa estri, (mas ateges dereng mangertos jaler
menapa estri, kumambang ateges gesangipun ngambang wonten ing
kandhutanipun ibunipun. Maskumambang nggadhahi pathokan guru gatra : 4,
guru wilangan, lan guru lagunipun : 12i, 6a, 8i, 8a

2. Mijil
Ateges sampun lair saha sampun cetha kakun menapa dene estri.
Pathoanipun sekar mijil inggih menika guru gatranipun 6, guru wilangan lan guru
lagunipun : 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u

3. Sinom
Ateges kaneman, minangka kalodhangan ingkang paling wigatos kangge
tiang anem supados saged ngangsu kawruh sakathah-kathahipun. Pathokanipun
inggih menika guru gatra : 9, guru wilangan lan guru lagunipun : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i,
8u, 7a, 8i, 12a

4. Kinanthi
Saking tembung kanthi utawi nuntun ingkang ateges dituntun supados
saged mlampah ngambah panguripan ing alam donya. Pathoaning sekar kinanthi
inggih menika guru gatranipun 6, guru wilangan lan guru lagunipun : 8u, 8i, 8a,
8i, 8a, 8i

5. Asmarandana
Ateges rasa tresna dhumateng tiyang sanes (kakung dhumateng estri lan
kosok wangsulipun) ingkang sedaya wau sampun dados kodrat ilahi.
Pathokanipun sekar asmarandana menika guru gatra 7, guru wilangan lan guru
gatranipun 8a, 8i, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a

6. Gambuh
Saking tembung jumbuh/sarujuk kang
ateges menawi sampun
jumbuh/sarujuk lajeng dipun gathukaken ing antawisipun kakung kaliyan estri
ingkang sami nggahahi raos tresna kala mau, ing pangangkah supados sageda
gesang sesarengan. Pathokanipun guru gatra : 5, guru wilangan lan guru lagunipun
: 7u, 10u, 12i, 8u, 8o

7. Dhandhanggula
Nggambaraken gesangipun tiyang ingkang saweg seneng-senengipun,

menapa ingkang dipungayuh saged kasembadan.

Kelampahan gadhah

sisihan/garwa, gadhah putra, gesang ingkang cekap kangge sakaluwarga.
Pathokaning sekar : 10 (10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a)


8. Durma
Saking tembung darma/weweh. Tiyang menawi sampun rumaos cekap
gesangipun, lajeng tuwuh saking raos welas asih dhumateng kadang mitra
sanesipun ingkang saweg nandang kaantrakan, mila lajeng tuwuh raos kepengin
darma/weweh dhumateng sesami. Sedaya wau dipunsengkuyung ugi saking
piwulangipun agama saha watek sosialipun manungsa. Pathokaning sekar : 7 (12a,
7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i).

9. Pangkur
Saking tembung mungkur ingkang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara
murka. Ingkang dipunpikir tansah kepingin wèwèh dhumateng sesami.
Pathokaning sekar: 7 (8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i)

10. Megatruh
Saking tembung megat roh utawa pegat rohipun / nyawanipun, awit
sampun titi wancinipun katimbalan marak sowan dhumateng Ingkang Maha
Kuwasa. Pathokaning sekar: 5 (12u, 8i, 8u, 8i, 8o).

11. Pocung
Menawi sampun dados layon / mayit lajeng dipunbungkus mori pethak
utawi dipunpocong saderengipun dipunkubur. Pathokaning sekar: 4 (12u, 6a, 8i,
12a)

Cakepan sanesipun :
Pitutur bener iku,
sayektine apantes tiniru,
nadyan metu saking wong sudra papeki,
lamun becik nggone muruk,
iku pantes sira anggo.
Ana pocapanipun,
adiguna adigang adigung,
pan adigang kidang, adigung pan esthi,
adiguna ula iku,
telu pisan mati sampyoh.
Si kidang umbagipun,
ngendelaken kebat lumpatipun,
pan si gajah ngendelaken geng a inggil,
ula ngendelaken iku,
mandine kalamun nyakot.


Cakepan

Uripe sepisan rusak,
nora mulur nalare pating saluwir,
kadi ta guwa kang sirung,
sinerang ing maruta,
gumarenggeng anggereng anggung grumunggung,
pindha padhane si mudha,
pradene paksa kumaki.

B. Gladhen:

Kadamelna gancaranipun (parafrase) saking cakepan sekar macapat Gambuh
kaliyan Pangkur menika!



IV. NYERAT

A. Angka Jawa

B. Gladhen

1. Aku lair ing donya iki nalika tanggal 29 Maret taun 1995.

2. Ibuku mundhut gula 1 kilogram regane 8250 rupiah.

3. Adohe sekolah lan omahku udakara 16 kilometer.

4. Neng pasar Malioboro aku tuku klambi sing regane larang banget, yaiku
347.000 rupiah.

5. Ulangan basa Jawa wingi aku antuk biji 85, mula aku seneng banget.

Tidak ada komentar:

LAPORAN PRAKTEK KERJA LAPANGAN (PKL) PROGRAM KEAHLIAN FARMASI KLINIS DAN KOMUNITAS

  LAPORAN PRAKTEK KERJA LAPANGAN (PKL) PROGRAM KEAHLIAN FARMASI KLINIS DAN KOMUNITAS SMK  APOTEK QIRANI FARMA (Waktu Pelaksanaan: ...