Tampilkan postingan dengan label Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan

Jumat, 07 Mei 2021

PURWAKANTHI GURU SWARA

 

PURWAKANTI GURU SWARA

 

 

CONTOH:

 

1.   Adigang, adigung, adiguna.

2.   Ana awan, ana pangan

3.   Ana bungah, ana susah iku wis lumrah

4.   Ana dina ana sega

5.   Anak polah bapa kepradah

6.   Asu belang kalung wang

7.   Asu gedhe menang kerahe

8.   Becik ketitik, ala ketara

9.   Becik ketitik, ala ketara.

10.   Cecak nguntal cagak

11.   Cecak nguntal empyak

12.   Ciri wanci lelai ginawa mati

13.   Dahwen ati open

14.   Desa mawa cara negara mawa tata

15.   Durung pecus keselak besus

16.   Esuk dhele sore tempe

17.   Gelem obah, mesthi mamah.

18.   Giri lungsi, jalma tan kena ingina

19.   Gliyak-gliyak tumindak, sareh pikoleh

20.   Inggah-inggih ora kepanggih

21.   Jujur agawe Makmur.

22.   Kebat kliwat, gancang pincang

23.   Kegedhen empyak kurang cagak

24.   Kepengen mujur tur malah ajur.

25.   Kumenthus ora pecus

26.   Lambe satumang kari samerang

27.   Maju tatu mundur ajur

28.   Ngalah nanging oleh

29.   Ora ngedan, ora keduman.

30.   Ora obah ora mamah.

 

 

 

 

 

PURWAKANTI GURU SASTRA

 

CONTOH:

1.        Aja dhemen memada, dhateng sapadhaning dumadi.

2.      Babat, bibit, bobot, bebet

3.      Garang nanging garing.

4.      Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani

5.      Kala kula kelas kalih, kula kilak kalo kalih kuli-kuli kula, kalo kula kéli, kali kilén kula, kalo kula kampul-kampul, kula kelap kelip kala-kala keling-keling

6.      Katula-tula ketali.

7.      Laras, lurus, leres, laris.

8.      Makuta, makuti, makuten.

9.      Ruruh, rereh, ririh ing wewarah.

10.   Sing sapa salah bakale seleh

11.   Sing weweh bakal wuwuh.

12.   Sluman, slumun, slamet.

13.   Taberi nastiti lan ngati-ati, mesthi bakal dadi

14.   Tarti tata-tata, ate metu turut ratan, diutus tuku tahu tempe dhuwite kertas telung atus

15.   Tata tertib tartamtu tentrem.

16.   Tata titi tutug tatug, tanggung jawab.

17.   Tata, titi, tentrem.

18.   Tatag, teteg bakal tutug.

19.   Tatune methunthung mentheng-mentheng.

20.   Tindak, tanduk lan tutur kang kalantur, ramtu katula-tula aktali, bakal kacatur, katuruh, kapatuh lan dadi awon.

21.   Taberi nastiti lan ngati-ati,mesti bakal dadi

22.   aja dhemen memada, dhateng sapadhaning dumadi

23.   Wong jejodohan kudu ngelingi: babat, bibit, bebet, bobot

24.   Tindak tanduk lan tutur kang kalantur, tamtu katula-tula katali, bakal kacatur,katutuh, kapatuh, pan dadi awon

25.    makuta, makuti, makuten

26.    

tatune methuthung mentheng-mentheng

27.        sing weweh bakal wuwuh

28.       katula-tula ketali

29.        laras, lurus, leres,laris

30.                                   kula kelap kelip kala-kala keling-keling

 

 

 

 

PURWAKANTI GURU LUMAKSITA

 

CONTOH:

1.           Kepingin tuku buku, bukune wis entek.

2.           Nemu kembang, kembange wangi, wangine gawe keblinger.

3.           Kejaduk tembok, temboke sing warna biru, birune kaya langit.

4.           Bayem ardha, ardhane ngrasuk busana

5.           Witing klapa, klapa mudha saumpama

6.           Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra

7.           Begja-begjane kang lali, isih begja kang eling lawan waspada

8.           Bung–bung pait bung pait kuwihe maha, maha-maha lintrik cah cilik digondhol kirik, kirik-kirik belang nyang pawon kesiram wedang, wedang–wedang bubuk kemriyuk gulane remuk

9.           Timun lonte, tela landa, ndemok asu, sugih utang, tanggal siji, jimantolo

10.        kula kelap kelip kala-kala keling-keling

11.        baeyem arda, ardane ngrasuk busana

12.        lungguh dhingklik, dhingklike wong cilik-cilik

13.        mangan ati, atine sing kelara-lara

14.        nandhang lara, larane wong lara papa

15.        pandhu suta, suta madyaning pandhawa

16.        raja putra, putran daleme ngastina

17.        rujak degan, degane krambil ijo

18.        remuk rempu, rempu dadi awu

19.         saking tresna, tresnane mung samudana

20.        rujak dhondhong, rujake sisaning kalong

21.        witing tresna , tresnane mung sewetara

22.        Timun lonte, tela landa, ndemok asu, sugih utang, tanggal siji, jimantolo

23.        Begja-begjane kang lali, isih begja kang eling lawan waspada

24.        Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra

25.        Kejaduk tembok, temboke sing warna biru, birune kaya langit.

26.        Witing klapa, klapa mudha saumpama

27.        Tepi wastra, wastra kang tumrap mustaka

28.        mong ing tirta, tirta wijiling salira

29.        Amenangi jaman edan,

30.        Suwe ora jamu, jamune godhong kara

 

 

 

Kamis, 03 Februari 2011

WULANGAN 3

PARIWISATA

I. NYEMAK

A. Nyemak Wacana

Taman Sari
Taman Sari gadhah kalangkungan menawi dipuntandhingaken kaliyan obyek
wisata sanesipun. Kejawi gadhah wisata sejarah awit minangka peranganing Kraton
Ngayogyakarta. Papanipun gampil dipuntuju, kejawi dados aset wisata kalebet ugi aset
budaya, minangka tinggalaning purbakala.
Taman Sari manggen ing sisih kidul kilen (barat daya) saking kraton, ing
salebeting beteng. Miturut riwayatipun, Taman Sari kabangun dening Sri Sultan
Hamengku buwono I rikala taun 1758 Masehi. Minangka papan palerenan kaluwarga
kraton, papan rekreasi ugi beteng pertahanan. Taman Sari kabangun laminipun
watawis 4 taun, kawiwitan nalika taun 1687 (taun Jawa)) ngantos dumugi taun 1691.
Sesebatan sanesipun saking Taman Sari inggih menika water castle utawi istana
air, utawi Kraton Banyu, amargi ing ngriku wonten Taman Segaran ugi tanemanipun
sekar kenangan ingkang arum lajeng papan manika dipunnamani Kraton Pulo
Kenanga, maningka mapanipun Sri Sultan HB I ngantos dumugi HB II. Ing sisih kilen
wonten mesjid Taman Sari ingkang dumados saking kalih tataran., tataran ingkang
sepisan papanipun sholat prameswari/ratu, tataran ingkang kaping kalihipun kangge
papan sholatipun Sultan, ing tengahipun wonten ingkang kawastanan Sumur Gumuling
menika papan kangge wudhu. Saking sumur gumuling wonten trowongan kirang
langkung 25 km ingkang tembus dhateng Parangkusuma.
Salebeting taman wonten papan padusan kangge para putri Sultan dipunnamani
Umbul Kawitan, umbul Pamuncar kangge Ratu, dene umbul
Pangurasapanpasiramaning Sultan. Manggen ing antawisipun umbul pamuncar lan
umbul panguras. Wonten Gedhung Cemeti panggenanipun pusaka Kraton. Ing sisih
kiudulipun Kraton pulo kenanga wonten pulo penambung, papan kangge semedi
Sultan sisih wetan taman Segaran, papan kengge praon ngangge gethek lan wonten
weawngunan arupi plengkung Taman Segaran. Nalika mlebet ing Taman sari ngliwati
Gapura Agung (saking sisih kilen), dipun pungkasi Gapura Panggung (sisih wetan).
Wewangunan ing Taman Sari meneka warna cakrike, wonten cakrik (model) jawa
asli, Hindu, Budha, Islam, Cina, Eropa. Miturut cariyos ingkang sumebar, wonten
tiyang Portugis nama Tegis ingkang praunipun kesasar ing Parangtritis, sarehne tiyang
wau saged damel wewangunan (arsitek) lajeng kepasrahan damel taman lan
wewangunan ing salebeting taman. Dipunpandhegani Pangeran Notokusumo (paku
alam I) Tumenggung Mangundipuro, Prawirasentika (Bupati Madiun) lan demang
Tegis (tiyang Portugis).
Pandameling Taman Sari, saking bata campuran adhukan kapur, pasir, degan
(banyu klapa) lan pethaking tigan. Ing sakiwa tengening wewangunan dipuntanemi
maneka warni jinising wit-witan, woh-wohan, kekembangan, sayuran lan taneman
obat.
Kawontenanipun Taman Sari samenika sampun kathah ingkang risak amargi

lindhu, jawah, panasing srengenge lan

tangan jail para wisatawan. Ing

sakiwatengenipun kathah wewangunan griya kangge panguripanipun tiyang kampung
lan nyawiji kaliyan taman Sari. Menawi mboten dipunjagi kanthi becik, situs
purbakala menika saged risak lan mbebayani tumprap keslametanipun warga ingkang
manggen ing sakiwa tengenipun. Wonten untungipun, wondene warga wau lajeng sami
ngedegaken toko krajinan kangge tandha mata (cindera mata) para wisatawan ingkang
sami ningali situs purbakala menika.

B. Pawartos
Pawartos inggih menika kabar ingkang dipunwarakaken dhateng liyan. Pawartos
saged arupi sinerat ugi saged ingkang kaucapaken.
Bab-bab ingkang kedah wonten ing pawartos inggih menika 5W + 1H.

What = apa = menapa
Who = sapa = sinten
When = dhek kapan = nalika kapan
Where= neng ngendi = wonten pundi

Why = kena apa = kenging menapa
How = kepriye = kados pundi

Tuladha pawartos:
Tiyang kalih saking Magelang, Jawi Tengah kanthi ngginakaken scooter-ripun
kekesahan nuju dhateng Sabang, Pulo Sumatra. Tiyang kalih wau ing salebeting
lampahipun ugi badhe mampir wonten ing sawetawis laladan kangge mbiwarakaken
wontenipun papan-papan wisata ingkang sae ing Magelang.
Palapuran saking Reporter:
Iring-iringan pandhemen vespa ingkang manunggal ing pakempalan Brother
Scooter Magelang (BSM) menika mboten saweg ngadani konvoi utawi pawai
ananging saweg nggelar pakurmatanipun dhumateng rencangipun ingkang badhe
bidhal dhateng Sabang ing Pulo Sumatra kanthi numpak vespa. Tiyang kalih ingkang
nekad bidhal menika Ainun Rohim umur 34 taun warga saking Salaman sarta Narwan
43 taun warga saking Tempuran, Magelang.
Dene vespa ingkang kaginakaken lelana dhateng Sabang kasebat inggih menika
Spring Vespa taun 1937 ingkang sampun dipunmodhifikasi. Ainun Rohim suka
katrangan bilih kridhanipun menika kanthi ancas badhe mbiwarakaken papan-papan
wisata ingkang wonten ing Magelang, Jawi Tengah. Kekalih scooterhood menika
ngajab mugi-mugi kridha menika saged lumampah kanthi lancar mboten wonten
rubeda menapa-menapa lan salajengipun saged wangsul kanthi wilujeng. Kridha
menika kadadosna tuladha lan saged dipuntindakaken ugi dening para pandhemen
tetumpakan utawi bikers sanesipun.

C. Gladhen
Wangsulana kanthi basa ingkang sae migunakaken basa karma!
1. Cobi aranana kaluwihanipun Taman Sari menawi dipuntandhangaken kaliyan
papan wisata sanesipun.
2. Menapa satemene pigunanipun Taman Sari menika?
3. Sinebat menapa kemawon Taman Sari menika?
4. Aranana wewangunan ing Taman Sari lan pigunanipun!
5. Sinten ingkang mandhegani pandameling Taman Sari?
6. Menapa ingkang njalari risaking Taman Sari?
7. Wewangunan ing Taman Sari menika dipundamel saking menapa?
8. Kejawi wewangunan, menapa ingkang wonten ingsalebeting taman?
9. Kados pundi kawontenan sakiwa tengenipun Taman Sari samenika?
10. Menapa untungipun kathah warga ingkang manggen wonten ingsakiwa
tengening situs purbakala (Taman Sari) menika?

Wonten ing griya para siswa nyemak pawartos basa Jawi ing televisi utawi ing
radhio, lajeng dipunserat lan kadamelna pitakonan lan wangsulanipun saking
pawartos kala wau (5W + 1H)!

II. WICARA

Saben manungsa mliginipun para siswa sampun mesthi gadhah
pengalaman-pengalaman ingkang nyenengaken, nelangsa, kuciwa, lan
sapanunggalanipun. Lan ugi mesthi sampun nate gadhah pengalaman nalika
plesiran wonten ing salah satunggaling papan rekreasi utawi papan wisata.
Saking pengalaman-pengalamanipun para siswa, cobi kaandharna salah
satunggal penglamanmu nalika plesiran dhateng salah satunggaling papan
rekreasi utawi papan wisata

III. MAOS

A. Sekar Macapat
Sekar macapat inggih menika salah satunggaling sekar alit ingkang nggadhahi
aturan ingkang sampun gumathok inggih menika guru gatra, guru wilangan lan guru
lagu.

-Guru gatra : cacahing larik saben satunggal pada
-Guru wilangan : cacahing wanda (suku kata) saben satunggal larik (gatra)
-Guru lagu : tibaning swara ing pungkasaning gatra.

Jinising sekar macapat wonten sawelas, ingkang saged dipungambareken kados
dene urut-urutaning lelampahaning manungsa saking wiwit bayi dumugi tumekaning
seda, inggih menika :

1. Maskumambang
Nggambaraken jabang bayi nalika taksih wonten ing kandhutanipun ibu,
ingkang dereng kawruhan jaler menapa estri, (mas ateges dereng mangertos jaler
menapa estri, kumambang ateges gesangipun ngambang wonten ing
kandhutanipun ibunipun. Maskumambang nggadhahi pathokan guru gatra : 4,
guru wilangan, lan guru lagunipun : 12i, 6a, 8i, 8a

2. Mijil
Ateges sampun lair saha sampun cetha kakun menapa dene estri.
Pathoanipun sekar mijil inggih menika guru gatranipun 6, guru wilangan lan guru
lagunipun : 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u

3. Sinom
Ateges kaneman, minangka kalodhangan ingkang paling wigatos kangge
tiang anem supados saged ngangsu kawruh sakathah-kathahipun. Pathokanipun
inggih menika guru gatra : 9, guru wilangan lan guru lagunipun : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i,
8u, 7a, 8i, 12a

4. Kinanthi
Saking tembung kanthi utawi nuntun ingkang ateges dituntun supados
saged mlampah ngambah panguripan ing alam donya. Pathoaning sekar kinanthi
inggih menika guru gatranipun 6, guru wilangan lan guru lagunipun : 8u, 8i, 8a,
8i, 8a, 8i

5. Asmarandana
Ateges rasa tresna dhumateng tiyang sanes (kakung dhumateng estri lan
kosok wangsulipun) ingkang sedaya wau sampun dados kodrat ilahi.
Pathokanipun sekar asmarandana menika guru gatra 7, guru wilangan lan guru
gatranipun 8a, 8i, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a

6. Gambuh
Saking tembung jumbuh/sarujuk kang
ateges menawi sampun
jumbuh/sarujuk lajeng dipun gathukaken ing antawisipun kakung kaliyan estri
ingkang sami nggahahi raos tresna kala mau, ing pangangkah supados sageda
gesang sesarengan. Pathokanipun guru gatra : 5, guru wilangan lan guru lagunipun
: 7u, 10u, 12i, 8u, 8o

7. Dhandhanggula
Nggambaraken gesangipun tiyang ingkang saweg seneng-senengipun,

menapa ingkang dipungayuh saged kasembadan.

Kelampahan gadhah

sisihan/garwa, gadhah putra, gesang ingkang cekap kangge sakaluwarga.
Pathokaning sekar : 10 (10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a)


8. Durma
Saking tembung darma/weweh. Tiyang menawi sampun rumaos cekap
gesangipun, lajeng tuwuh saking raos welas asih dhumateng kadang mitra
sanesipun ingkang saweg nandang kaantrakan, mila lajeng tuwuh raos kepengin
darma/weweh dhumateng sesami. Sedaya wau dipunsengkuyung ugi saking
piwulangipun agama saha watek sosialipun manungsa. Pathokaning sekar : 7 (12a,
7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i).

9. Pangkur
Saking tembung mungkur ingkang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara
murka. Ingkang dipunpikir tansah kepingin wèwèh dhumateng sesami.
Pathokaning sekar: 7 (8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i)

10. Megatruh
Saking tembung megat roh utawa pegat rohipun / nyawanipun, awit
sampun titi wancinipun katimbalan marak sowan dhumateng Ingkang Maha
Kuwasa. Pathokaning sekar: 5 (12u, 8i, 8u, 8i, 8o).

11. Pocung
Menawi sampun dados layon / mayit lajeng dipunbungkus mori pethak
utawi dipunpocong saderengipun dipunkubur. Pathokaning sekar: 4 (12u, 6a, 8i,
12a)

Cakepan sanesipun :
Pitutur bener iku,
sayektine apantes tiniru,
nadyan metu saking wong sudra papeki,
lamun becik nggone muruk,
iku pantes sira anggo.
Ana pocapanipun,
adiguna adigang adigung,
pan adigang kidang, adigung pan esthi,
adiguna ula iku,
telu pisan mati sampyoh.
Si kidang umbagipun,
ngendelaken kebat lumpatipun,
pan si gajah ngendelaken geng a inggil,
ula ngendelaken iku,
mandine kalamun nyakot.


Cakepan

Uripe sepisan rusak,
nora mulur nalare pating saluwir,
kadi ta guwa kang sirung,
sinerang ing maruta,
gumarenggeng anggereng anggung grumunggung,
pindha padhane si mudha,
pradene paksa kumaki.

B. Gladhen:

Kadamelna gancaranipun (parafrase) saking cakepan sekar macapat Gambuh
kaliyan Pangkur menika!



IV. NYERAT

A. Angka Jawa

B. Gladhen

1. Aku lair ing donya iki nalika tanggal 29 Maret taun 1995.

2. Ibuku mundhut gula 1 kilogram regane 8250 rupiah.

3. Adohe sekolah lan omahku udakara 16 kilometer.

4. Neng pasar Malioboro aku tuku klambi sing regane larang banget, yaiku
347.000 rupiah.

5. Ulangan basa Jawa wingi aku antuk biji 85, mula aku seneng banget.

Senin, 31 Januari 2011

kelas X wulangan 2

WULANGAN 2
KABUDAYAN

I. NYEMAK

A. Upacara Adat
Mantu
Mantu dipuntegesi kagungan damel ngemah-emahaken putra putrinipun ingkang
sampun diwasa. Dipunarani ngemah-emahaken amargi nyawijekaken putrinipun
(prawan) kaliyan jejaka, lajeng manggen wonten ing satunggaling panggenan/tunggal
griya lan gesang sesarengan ing madyaning bebrayan. Manunggaling prawan lan jejaka
wonten ing bebrayan saged mawohaken kabagyan, kamulyan lan putra ingkang bakal
nerusaken keturunanipun.
Miturut tata cara adat jawa, saderengipun mantu, dipunwiwiti rerangkening tata
cara, inggih menika :

a.Lamaran

Lamaran menika rerangkening tata cara nalika tiyang sepuhipun jejaka sowan ing
dalemipun tiyang sepuh ingkang putri ingkang dipuntuju dados jodhonipun. Ingkang
badhe bebesanan rembagan bab sesambetan tresna para putranipun dipunsekseni
kulawarga lan sanak sedherek.

b.Paningset lan lambang kalpika (tukar cincin)

Menawi lamaran sampun dipuntampi, lajeng calon besan nemtokaken wekdal
kangge tata upacara paningsetan kanthi lambang kalpika, limrahipun ugi
dipunkantheni piranti sanesipun kados dene arta, ageman, mas-masan, jajanan (jadah,
wajik, jenang, roti), woh-wohan, urip-urip (ayam, bebek, banyak, lsp). Sedaya wau
minangka lambang lan wujud tanggel jawab ingkang bakal dipuntindakaken calon
penganten kakung dhumateng calon garwane lan kulawarganipun, kedah nyekapi
sandhang pangan lan ubarampe kangge penguripanipun.
Sasampunipun tata upacara lamaran lajeng dipuntindakaken tata cara upacara
mantu.

1.Pasang tarub
Tarub kerata basanipun ditata supados katingal murub. Maknanipun menawi
badhe nampi tamu limrahipun nata panggenan supados katinggal becik, dipunparingi
rerenggan supados endah lumrahipun dipunrenggani janur kuning (janur = sejane nur /
cahya).

2.Buwangan
Ingkang dipunbucal inggih menika takir isi kacang-kacangan, bumbon, rajangan
daging, arta receh. Sedaya wau minangka lambang mbucal sedayaning sukerta lan
pepalang supados pakaryan ingkang dipuntindakaken mboten wonten alangan.

3.Pasang tuwuhan
Tuwuhan tegesipun maneka warni taneman ingkang dipuntata ing tarub,
wujudipun, pisang suluh setundhun, cengkir gadhing, tebu, ron (kluwih, alang-alang,
ringin), pantun sawuli, lsp. Maknanipun supados temanten saged nuwuhaken gesang
mulya, dados tuladhaning kulawarga.

4.Siraman
Siraman dipuntindakaken sedinten sederengipun upacara dhaup (nikah),
maknanipun calon penganten resik lair lan batinipun, dipuntindakaken sesepuhing
penganten.

5.Midodareni
Midodareni asalipun saking tembung widadari, maknanipun supados calon
penganten endahing warna kaya widadari, saderengipun upacara nikah.
Sasampunipun tata cara menika katindakaken lajeng dipuntindakaken upacara
dhaup (ijab) dipunlajengaken upacara pawiwahan (ijab lan upacara panggih),
pahargyan (pesta/resepsi).


B. Gladhen
Kapadosna tuladha sanesipun saking upacara adat Jawa kanthi wujud artikel!

II. WICARA

A. Unggah-ungguh Pasrawungan
Wonten ing madyaning pasrawungan, unggah-ungguhing wicara utawi nalika
pacelathon (guneman) kedah nggatosaken basa lan tetembungan ingkang
dipunginakaken. Kedah njagi lathi lan ngatos-atos anggenipun matur supados mboten
ngedalaken tetembungan ingkang damel seriking tiyang sanes. Kados dene paribasan
Mulutmu Harimaumu lan Ajining Dhiri Dumunung ing Lathi. Menika minangka
sanguning manungsa ing pasrawungan.
Pramila, kadang remaja kedah saged membawa diri utawi kedah saged empan
papan. Kados pundi unggah-ungguhipun nalika matur kaliyan bapak ibu wonten ing
dalem, matur kaliyan bapak ibu guru wonten ing sekolah, kaliyan tiyang sanes ingkang
langkung sepu lan dipunajeni, saha kaliyam tiyang ingkang sebabag lan ingkang
langkung enem.
Samanten ugi anggenipun kekancan kaliyan tiyang sanes utawi kaliyan tiyang
ingkang sebabag kedah sageda milah-milah pundi ingkang sae lan pundi ingkang
kirang sae. Kados dene unen-unen Aja Cedhak Kebo Gupak, ingkang tegesipun kedah
pinter anggenipun srawung, amargi kanca srawung saged njalari tumindak lan
pakulinan awakipun piyambak. Tuladhanipun menawi kita srawung kaliyan tiyang
ingkang pakulinanipun mendem, main, lan narkoba, kita saged ketularan lan dados
nindakaken pakulinan kados ingkang kala wau. Pramila, kita kedah saged milah-milah
kanca srawung supados tumindak kita mboten nyimpang.

B. Gladhen
Kados pundi unggah-ungguhipun siswa nalika wonten ing griya, sekolah, lan wonten
ing masyarakat! Saha kados pundi tumindak ingkang sae ingkang saged dipunpanggihi
ing sakiwatengenipun awakipun piyambak!

III. MAOS
A. Lelagon Campursari
Campursari inggih menika lelagon Jawa ingkang ngemot pinten-pinten aspek
seni. Campursari kalebet lelagon amargi anggenipun maos utawi nembang saged
kanthi cara dipunlagokaken (kanthi solah bawa). Lelagon ingkang asring dipunangge
campursari saged wujud macapat, langgam, gendhing, lagu dolanan, tembang gedhe
lsp. Lelagon campursari menika mboten gadhah aturan ingkang baku utawi gumathok,
ingkang mesti saged damel gumyak lan seneng ingkang mirengaken, ugi saged kangge
ngelipur manah. Cakepanipun ugi prasaja lan gampil dipunapalaken, dipunremeni
dening para mudha lan sepuh, malah kepara dipunremeni lare-lare.
Ingkang ngiringi dumados saking gamelan (instrument tradhisional) kadosta :
kendhang, saron, demung lsp. Saha alat musik modern kadosta : gitar, bas, drum,
organ, lsp. Kekalihipun dipuntabuh sesarengankanthi laras lan sekeca dipunpirengaken.
Penyanyi utawi paraga ingkang nglagokaken dipunarani wiraswara utawi
swarawati. Penyanyi ingkang kondhang utawi misuwur kadosta : Manthous, Didi
Kempot, Waljinah, Sony Joss, lsp. Isinipun lelagon campursari saged manekawarni,
umpaminipun nggambaraken katresnan, papan wisata, susahing ati, lelucun lsp.

Tuladha lelagon campursari:
1. Wujud langgam
Caping Nggunung
(Bawa sekar macapat pangkur)
Saben bengi nyawang kunang
Yen memajang mung karo janur kuning
Kembang wae weton nggunung
Pacitan sarwi jenang
Panas udan aling-aling caping nggunung
Nadyan wadon sarta lanang
Inumane banyu bening
Langgam caping gunung:

Dhek jaman berjuang njur kelingan anak lanang
Biyen tak openi, ning saiki ana ngendi
Jarene wis menang keturutan sing digadhang
Biyen nate janji ning saiki apa lali

Reff : Neng nggunung tak cadhongi sega jagung
Yen mendung tak silihi caping nggunung
Sokur bias nyawang, gunung desa dadi reja
Dene ora ilang nggone padha lara lapa

2. Wujud lelagon
Cinta tak terpisahkan
Wiraswara : Dhuh Denok gandhulaning ati tegane nyulayani
Janjimu sehidup semati amung ana ing lathi
Rasa sayangmu sudah pergi tak menghiraukan aku lagi
Dhuh Denok gandhulaning ati tegane nyulayani

Swarawati (*) : Dhuh kangmas jane aku tresna lilakna aku lunga
Ati rakuat nandhang rasa, rasa keranta-ranta
Cintamu sudah tak beneran, aku hanya buat mainan
Dhuh kangmas jane aku tresna lilakna aku lunga

Wiraswara:
Tresna iki dudu mung dolanan
Kabeh mau amarga kahanan
Sing tak jaluk amung kasabaran
Mugi gusti pareng kasembadan

Swarawati:
Nggo ngedhem atiku
Men aku ra mlayu
Ning tanggung jawabmu itu palsu

Wiraswara:
Dhenok aku cinta beneran
Pasti kan kubuktikan
Ayah ibuku akan datang
Melamar dikau saying

Swarawati:
Hatiku turut mendoakan

Semoga Tuhan mengabulkan

Swarawati+Wiraswara :
Cinta kita tak terpisahkan walau diakhir zaman
(Wangsul (*))

3. Wujud gendhing
Gendhing inggih menika lelagon ingkang kairing gamelan

Lancaran Gugur Gunung

2 7 2 7 2 7 2 7 3 5 7
A - yo kan-ca a - yo kan-ca nga-yah- i

6 3 2 7 6
kar-ya-ning pra - ja

2 3 2 3 2 3 2 3 2 7 6 5 6 2 5 3
Ke- ne ke - ne ke - ne ke - ne gu - gur gu-nung tandang ga-we

5 6 6 6 6 6 2 3 5 6 5 7 6 5
Sa - yuk sa -yuk ru-kun be - ba - re-ngan sak- kan-ca - ne

2 3
Li - la

3 3 3 3 5 6 7 5 6 5 3 2
lan le - ga-wa kang-go mul-ya-ning ne - ga - ra

2 7
Si - ji

2 7 2 7 2 7 .
lo - ro te - lu pa - pat

3 5 6 6 6 6
ma- ju pa - pat pa - pat

3 6 7 6 3 3 3 2 7 6 5 3 3 3
Di - u - lang u - lung- a - ke mes -thi eng-gal ram-pu - nge

6 6 6 6 6 .
Ho- lo - bis kun-tul

3 3 3 3 3 .
Ho- lo - bis kun-tul

6 6 .
ba - ris

3 3 .
ba - ris

5 5 5 5 5 .
ho - lo - bis kun-tul

7 2 6 5 3 .
ho - lo - bis kun-tul

5 5
ba - ris

2 2
ba - ris

Piwulang budi pekerti ing tembang Gugur Gunung

1. Kedah rukun kaliyan kanca, tangga lan sedherek
2. Nyambut damel menawi dipuntindakaken sesarengan, enggal rampung
3. Gotong royong saged ngraketaken pasedherekan
4. Menawi nyambut damel kedah eklas (lila legawa) supados pikantuk rahmating
Gusti
5. Warga kedah labuh negara, supados negara lan bangsa mulya raharja


B. Gladhen
Kadamelna gancaranipun saking tembang-tembang kala wau lajeng kapadosna
budi pakartinipun!

IV. NYERAT

A. Serat Jawi
Serat menika salah satunggaling sarana kangge sambung gunem (komunikasi)
ingkang awujud sinerat/tinulis. Serat menika wujudipun prasaja, mirah saha gampil
anggenipun damel.
Serat kaperang dados kalih, inggih menika :

1.
Serat resmi, tuladhanipun :
a. Serat ulem (undangan)
Serat ulem inggih menika serat ingkang isinipun atur dhateng tiyang sanes
amargi badhe kagungan damel utawi kagungan kersa. Ingkang dipunulemi
supados rawuh ing papan lan wekdal ingkang sampun katemtokaken.
Tuladhanipun : serat ulem mantu, syukuran, supitan, lsp.
b. Serat lelayu
Serat lelayu inggih menika isi kabar sedanipun satunggaling tiyang.
c. Serat prajanjen
Serat prajanjen inggih menika serat ingkang dipundamel satunggaling tiyang
dhateng tiyang sanesipun ingkang isinipun babagan dol-tinuku, sewa-sinewa lsp.
Kangge pikukuh utawi bukti menapa ingkang badhe dipuntindakaken.
d. Serat dhawuh (perintah)
Serat dhawuh inggih menika isinipun panyuwun dhateng tiyang sanes supados
tiyang wau nindakaken menapa ingkang dipundhawuhaken.
e. Serat kekancingan (keputusan)
Serat kekancingan inggih menika isinipun babagan ingkang kedah
dipunlampahi dhateng tiyang sanes menapa ingkang sampun katetepaken.

2.
Serat mboten resmi
Tuladhanipun serat iber-iber (serat pribadi) ingkang isinipun prekawis pribadi,
ingkang kaandharaken saged menapa kemawon gumantung kabetahanipun ingkang
nyerat.
Peranganing serat resmi ingkang limrah inggih menika :

1. Papan saha titi mangsa
2. Adangiyah (tiyang ingkang dipuntuju)
3. Purwa basa (pambuka)
4. Surasa basa (isi)
5. Wasana basa (panutup)
6. Paprenahan
7. Tapak asma
8. Asma

Tuladha serat ulem :

(1) Ngayogyakarta, 20 Juli 2009
(2) Katur
Panjenenganipun Bapak/Ibu/Sedherek………….
Ing…………..
(3) Assamu’alaikum Wr.Wb.
Nuwun kanthi puja puji hastuti, sinartan sagunging pakurmatan,
(4) lumantaring serat menika keparenga kula angrerantu rawuh panjenengan
wonten ing :
dinten : Jemuah pon
titimangsa : 24 Juli 2009
wanci tabuh : 10.00
papan : Balai Wartawan Jalan Mangkubumi 15 Ngayogyakarta
adicara : Wisuda Pawiyatan Pranatacara Yayasan Kinanthi
(5) Wasana keparenga kula ngaturaken agunging panuwun, awit saking
kawigatosan saha rawuh panjenengan.
Wassalamu’alaikum Wr.Wb.
(6) Pangarsa Yayasan,
(7)
(8) Dra. Dwi Siti Puspitasari



B.Gladhen:
Kadamelna salah satunggaling jinising serat resmi!

LAPORAN PRAKTEK KERJA LAPANGAN (PKL) PROGRAM KEAHLIAN FARMASI KLINIS DAN KOMUNITAS

  LAPORAN PRAKTEK KERJA LAPANGAN (PKL) PROGRAM KEAHLIAN FARMASI KLINIS DAN KOMUNITAS SMK  APOTEK QIRANI FARMA (Waktu Pelaksanaan: ...