WULANGAN 1
PENDHIDHIKAN
I. NYEMAK
Cerita Wayang
Semar
Semar menika putranipun Sang Hyang Wenang (Sang Hyang Tunggal)
kaliyan Dewi Wiranti. Sedherekipun Semar wonten kalih inggih menika Sang
Hyang Antaga (Togog) kaliyan Sang Hyang Manikmaya (Bathara Guru).
Sedherek tiga menika dumados saking cahya pethak kados dene tigan.
Kulitipun dados Antaga, pethakipun dados Ismaya (Semar), dene kuningipun
dados Manikmaya. Nalika Semar manggen wonten ing kahyangan kanthi asma
Sang Hyang Ismaya.
Sesebatan Semar sanesipun inggih menika Ki Lurah Badranaya, Nayantaka,
Janggan Asmarasanta, Bogajati, Boga Sampir mapan ing karang kedhempel.
Sederengipun dados semar, wujudipun Bathara Ismaya ingkan bagus pasuryanipun
lan mapan wonten ing kahyangan. Nanging lajeng dados Semar ingkang cendhek,
blendhung padharanipun, saha rembes socanipun.
Cariosipun makaten :
Sedherek tiga inggih menika Antaga, Ismaya kaliyan Manikmaya nderek
sayembara. Sinten ingkang saged ngulu jagad bakal dados ratuning kahyangan.
Ingkang sepisan Antaga nyobi, mboten saged, malah suwek lathinipun lajeng
gantos wujud dados Togog ingkang wiyar lathinipun. Kaping kalihipun semar,
semar saged ngulu jagad, nanging mboten saged ngedalaken, mila padharanipun
dados ageng. Ingkang saged namung Manikmaya, mila lajeng dipunangkat dados
ratuning Dewa ing kahyangan kanthi jejuluk Bathara Guru.
Dening Sang Hyang Wenang, Ismaya kedhawuhan mandhap ing
ngarcapada, donyaning manungsa dados pamomongipun para satriya, kalebet
leluhuripun Pandhawa saputra wayahipun. Semar kagungan putra tiga inggih
menika Gareng, Petruk lan Bagong. Lajeng piyantun sekawan menika
dipunasmani Panakawan utawi Punakawan (pana : ngerti, kawan : kanca).
Semar tansah paring wewarah dhumateng bendara ingkang saweg susah
manahipun. Negari ingkang kenging pageblug, karawuhan Semar dados tentrem,
ayem lan mulya. Tumrap para satriya Pandhawa, semar dipunanggep pepundhene
dewa ngejawantah, saged mangertos utawi sumerep saderengipun perkawis
dumados wonten ing donya.
Senajan ala wujudipun, Semar kagungan bebuden ingkang luhur, tata
kramanipun ganep, sabar, mboten nate duka, tresna asih dhumateng sesaminipun
saha wicaksana. Menawi saweg duka, mboten wonten dewa ingkang saged
nandhingi kejawi Sang Hyang Wenang.
Dene nalika Bathara Manikmaya dados panguwasaning jagad, Manikmaya
lajeng gadhah watak adigang, adigung, adiguna, remen mameraken pasuryanipun
ingkang bagus lan kasektenipun. Piyambakipun rumaos sampurna tanpa cacad.
Sang Hyang Tunggal priksa tumindakipun Manikmaya lajeng duka, lajeng paring
sabda cacad badanipun supados Manikmaya mboten rumaos sampurna lan
kumalungkung. Sanalika Manikmaya dados cacad, tenggakipun belang, lumpuh
ampeyanipun, mawi siyung, cacahing asta wonten sekawan. Amargi lumpuh, mula
saben tindak-tindak nitih lembu Andhini.
(Jatirahayu, 2002.Mutyara Rinonce, Budi Pekerti Ing Pewayangan)
Budi Pekerti :
1. Mboten pareng mbiji manungsa saking blegering awak, nanging saking
tumindakipun tiyang ingkang becik pasuryanipun dereng mesthi luhur
bebudenipun.
2. Manungsa kedah saged nampi pepesthening/takdiring Gusti.
3. Mboten pareng nggadhahi sifat adigang, adigung, adiguna, amargi mesthi
bakal cilaka.
4. Mboten wonteng manungsa ingkang sampurna, mula mboten pareng
nganggep dhiri ingkang paling sampurna.
II. WICARA
A. Unggah-Ungguh Pitepangan
Pacelathon
Dinten senen menika, dinten ingkang wigatos tumrap para siswa SMK
Muhammadiyah 3 Yogyakarta amargi Matrikulasi Sekolah dipunwiwiti.
Sarampungipun upacara pambuka Matrikulasi Sekolah, wonten wekdal kangge
ngaso sawetawis. Sinampi ngentosi kegiyatan salajengipun, wonten siswa ingkang
mlampah-mlampah kaliyan kancanipun ingkang sampun tepung, wonten ingkang
namung lelenggahan ing ngajeng kelas, ugi wonten ingkang maos madding utawi
koran ing papan informasi.
Widada namung piyambakan wonten ing SMK Muhammadiyah 3 menika,
mboten wonten kanca saking SMP saderengipun, piyambakipun lajeng nyaketi
lare ingkang wonten ing sisihipun, kaliyan ngulungaken astanipun, tembunge alon,
polatane grapyak lan sumanak.
Widada : “Assalamu’alaikum.”
Andika : “Wa’alaikum salam.”
Widada : “Kenalke, aku Widada kelas X GB, yen kowe?”
Andika : “Andika, aku iya kelas X GB, sajake aku wis nate weruh kowe
sadurunge, nanging neng endi ya, aku kok lali.”
Widada : “Lha neng endi, apa naliko ing kene njupuk formulir pendhaftaran? Apa
neng ndi? Coba eling-elingen.”
Andika : “O, ya, apa kowe melu klub basket? Sajake tau tandhing karo klub basket
saka SMPku mbiyen.”
Widada : “Iya bener, mula saja wis tau weruh kowe, omahmu ngendi An?”
Andika : “Omahku Giwangan kono, cedhak terminal, yen kowe ngendi?
Widada : “Yen omahku rada adoh saka kene, ing Maguwoharjo, Sleman kana.”
Andika : “Wah yen ngono budhalmu luwih isuk tinimbang aku ya, aku yen
sekolah mung numpak sepedha ontel lho.”
Widada : “Kepenak kuwi, yen aku jam 6 wis kudu mangkat numpak sepedha
montor, kira-kira tekan sekolah jam 6.45.”
Andika : “Mengko lungguhe jejer wae ya, kapan dolan omahku? Apa mengko bali
sekolah mampir?”
Widada : “Ya wis gampang kapan-kapan wae mergane mengko bali sekolah aku
dikon ngeterke ibuku neng daleme simbah. Kae wis bel, ayo neng aula
sekolah, mesthine kegiyatan bakal dibacutake.”
Andika : “Ya ayo.”
Saking pacelathon ing antawisipun Widada kaliyan Andika, saged
dipunpundhut dudutan (kesimpulan) menawi lare kalih menika migunakaken tata
krama ing pasrawunganipun. Sanajan migunakake basa jawa ngoko ingkang
prasaja, nanging lare kalih menika tansah ajen-ingajenan. Mboten migunakaken
tembung ingkang kasar ingkang saged damel seriking manah. Tansah grapyak lan
sumanak. Tembungipun sekeca dipunpirengaken lan damel sekecaning manah
ingkang dipunajak srawung.
Pancen tetembungan tiyang guneman menika werni-werni. Wonten ingkang
mboseni utawi damel gela amargi tembungipun nylekit lan damel serik.
Tetembungan saged ngraketaken pasedherekan, nanging ugi saged methalaken
kekadangan. Menawi mboten ngatos-atos, tembung sakecap saged damel serik
selawasipun gesang.
Wonten tembung ingkang saged natoni utawi nyilakani tiyang sanes. Wonten
tembung ingkang landhep, landhepe ngungkuli pedhang. Mila kedah dipunatos-
atos saben ucap, tembung lan gunem. Namung kemawon, lajeng ampun ajrih
guneman. Becikipun guneman seperlunipun, limrah, lan sacekapipun kemawon.
Ingkang kedah dipungatosaken nalika guneman inggih menika :
1. Sinten ingkang dipunajak guneman
2. Kapan wekdalipun
3. Wonten pundi papanipun
4. Basa menapa ingkang dipunginakaken
5. Menapa ingkang dipunrembag
6. Kados pundi kawontenanipun ingkang dipunajak guneman
Tetembungan ingkang dipunucapaken nalika upacara limrahipun cetha,
banter, santak, saha mboten gojag-gajeg. Beda kaliyan tembung nalika matur
dhumateng guru, utawi nyuwur pirsa nalika pelajaran. Ukaranipun becik
anggenipun ngucapaken alon utawi alur kanthi makaten tiyang ingkang guneman
bakal dipunajeni tiyang sanes amargi saged ngetrepaken kaliyan kawontenanipun.
B.Gladhen
Coba andharna pamanggihmu, miturut pengalamanmu piyambak-piyambak!
1. Tiyang srawung kaliyan tiyang sanes kadeh ngginakaken tata krama. Coba
aranana tuladhanipun tata kramanipun tiyang ingkang srawung kaliyan tiyang
sanes!
2. Kados pundi menawi tiyang srawung mboten ngginakaken tata krama?
Srawunga kaliyan tiyang ingkang becik tumindakipun. Wonten unen-unen:
3. Aja sandhing kebo gupak. Menapa tegesipun unen-unen menika?
4. Srawung kaliyan tiyang ingkang langkung sepuh yuswanipun, anggenipun
guneman becikipun ngangge basa jawa krama. Menapa ginanipun basa krama
menika?
5. Tiyang srawung ugi kedah gadhah watak andhap ashor, menapa kersanipun?
Cobi paringana tuladhanipun watak andhap ashor!
Kanthi kelompokan kalih-kalih, kadamelna teks pacelathon ingkang isinipun
pitepangan kaliyan priyantun: ingkang langkung enem, ingkang sebabag, lan
ingkang langkung sepuh lajeng paragakaken wonten ing ngajeng kelas kanthi
metode simulasi!
III. MAOS
A. Waosan menika kawaosa kanthi permati!
Ndandosaken Panjang Umuripun
Sampun nate dipunandharaken menawi tata karma menika tumuju dhateng
raharjaning urip. Raharja utawi skamet, slamet badanipun slamet kulawarganipun,
slamet bangsanipun lan ugi slamet jagad sadayanipun.
Menawi tiyang sampun dangu mboten pinanggih, samangsanipun pinanggih
lajeng nakonaken kabaripun :
“Kepriye kabare? Pada selamet ta?”
“Rak padha selamet ta?”
“Mugi-mugi sami ginanjar wilujeng.”
Kawilujengan menika kejawi minangka kanugrahaning Gusti, uga wonten
gegayutanipun kaliyan rekadayanipun manungsa. Kawilujengan gegayutan kalian
katentreman, kararasan, kabagyan, lsp.
Saiba raharjanipun menawi saben kulawarga sami mangertos karukunan saben
makarya ing salebeting bingah lan susah. Sedaya sami netepi pranatan, sami
nindakaken hak lan kuwajibanipun piyambak-piyambak. Bapak, ibu saha para putra
bantu-binantu mujudaken laresikaning papan (griya) saengga saged mujudaken
kasarasan lan kabagyan. Menawi panggenanipun rsik, barang-barang tumata bakal
ngresepake pandulu.
Kamar asring dipunbikak, dipunsaponi, cendhela dipunengakaken, supados
soroting srengenge saged mlebet, hawa saged dipungantos, disawang, bleduh lan
regede dipunresiki. Lemantun laci asring dipunbikak, lsp.
Pekaranganipun resik, kalen, ilen-ilen toyanipun mili lancer, uwuh dipunbucal
wonten ing papan ingkang sampun sumadhiya, menawi sampun kathah saged
dipunobong supados mboten dados sumbering mala utawi penyakit. Bak kamar mandi
ajeg dipunkuras, dipunkosek supados resik lan mboten mambet, dipunparingi kapur
barus, wangi-wangi supados seger hawanipun lam damel krasan. Sabun, sikat, odhol,
sampo dipuntata ing wadhahipun. Andhuk menawi sampun bibar dipunangge
dipunisis, dipunjereng, lsp.
Bangsa ingkang sampun maju, gadhah tata karma ingkang gumathok. Menika
sampun dipunkulinakaken wiwit alit ing kulawarga, lajeng dados kabetahan lan
pakulinan ingkang otomatis. Kados dene tiyang nedha kaliyan nginum, menawi
mboten nedha mesti luwe. Menawi mboten nginum bakal ngelak.mekaten ugi bab
nindakaken karesikan, menawi papan ingkang dipunsawang lan dipunangge mboten
resik, rumaos mboten sekeca. Umpamanipun griyanipun reged , pating blengkrah,
kolah pesing, menawi wonten tamu lajeng tamunipun gadhah pananggih ingkang
kagungan griya mboten resikan lan kirang tata krama. Pancen tata karma menika kedah
dipunpeksa wiwitanipun saengga dados kabetahan lan lan peranganipun. Wonten bab-
bab ingkang pantes dipuntiru amargi pancen becik amrih gesangipun rahayu,
umpamanipun:
1. Ngulinakaken tangi enjing
2. Olah raga ingkang ajeg
3. Mboten nedha kekathahen/kewaregen
4. Mboten ngulinakaken ngrokok
5. Mboten ngulinakaken nginum kopi, inuman keras lsp
6. Saben dinten tansah senenging ati, bungah, sumeh, mboten gampil duka, mboten
gampil sambat lan mutung.
Pakulinan menika minangka saperanganing cara ndadosaken panjang
umuripun. Tegesipun tansah manggih keslametan, kasarasan lan kabagyan, ateges
sedaya mau trep kaliyan gegayuhaning tatakrama.
(Sudiyatma, 192, Tentrem Raharja, Mawi besutan)
Kawruh basa
-makarya : nyambut damel
-pandulu : panyawang
-sumadhiya : cumawis (tersedia)
-jenjem : tentrem, jenak, betah
-kolah : kamar mandi
-mutung : putus asa
B. Gladhen
Cobi kesebatna pakulinan ingkang sae ingkang para siswa tindakaken wonten ing
griya.
IV. NYERAT
A. Aksara Jawa
Saderengipun nyerat aksara Jawa, mangga kita ngambali lan ngapalaken huruf-
huruf ing aksara Jawa.
B. Gladhen
Kaserata mawi aksara Jawa sekar Pangkur ing ngandhap menika:
Mingkar mingkur ing angkara,
akarana karenan mardi siwi,
sinawung resmining kidung,
sinuba sinukarta,
mrih kretarta pakartining ngelmu luhung,
kang tumrap neng tanah jawa,
agama ageming aji.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
LAPORAN PRAKTEK KERJA LAPANGAN (PKL) PROGRAM KEAHLIAN FARMASI KLINIS DAN KOMUNITAS
LAPORAN PRAKTEK KERJA LAPANGAN (PKL) PROGRAM KEAHLIAN FARMASI KLINIS DAN KOMUNITAS SMK APOTEK QIRANI FARMA (Waktu Pelaksanaan: ...
-
L APORAN PRAKTIK KERJA LAPANGAN (PKL) PT DELAPAN JAYA PERKASA GARMEN Disusun sebagai laporan pelaksanaan Praktik Kerja Lapangan (P...
-
KATA PENGANTAR Puji Syukur Kami Panjatkan kepada Tuhan Yang Maha Esa atas berkat dan pertolonganNya sehingga penyusunan makalah menge...
-
Nalika jaman biyen, ana wong telu kang merguru ing padhepokan Argo Dimillah ing gunung Lawu. Kang lanang, jenenge Bayulan Giri, yen sing wad...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar