Jumat, 20 Maret 2015

Buto gugat

Ganda Suwarno watuk-watuk. Ing satengahe wong-wong kang padha jejogedan iku, dheweke banget murina.
Anggone ora murina bae kepriye.
Sing arane nonton wayang kudune ya wayange sing digatekake.
Dudu egole bokong para penyanyi kaya mangkono kuwi.
Minangka dhalang dhongkol, dheweke duwe dudutan lamun para dhalang saiki seneng aji mumpung, nanging ora migatekake anggone mbabar crita.
Supaya penontone mbludak, kudu mboyong penyanyi sing akeh tur ayu-ayu. Sanadyan swarane mung pas-pasan nanging yen ketemplekan rupa ayu lan wasis egol bokong kaya Inul bisa gawe kemecere para penonton.
Cekake dudu wayange sing dadi tontonan, nanging kepara para penyanyine.
"Iki janjane tontonan apa, ta?" pitakone marang awake dhewe.
Anggone takon marga meruhi kanyatan dhalang sing biyene ngugemi pakem pakeliran ya wis melu-melu ambyur ing pakeliran murahan.
Contone kaya Ki Wasis Carito kang wengi iku ndhalang.
Kamangka, anggone keraya-raya nekani jagong disengaja bengi awit sekarep bakal nonton dhalangane Ki Wasis Carito. Pranyata malah gawe ati gela.
Awit, Ki Wasis Carito ora mung mbadal saka pakem pakeliran kepara uga ora ngugemi pakeme crita.
Gawe lakon carangan mesthine oleh bae, ning yen lakon mau mbabarake crita yen Citraksi duwe bojo Wara Sembadra iku jenenge ya wis kebablasan.
Mung bae ing crita kuwi, pancene Wara Sembadra kenya weton Eromoko, dudu putri saka Mandura.
Ki Wasis Carito pancen beda karo rikala isih mudha. Biyen, dheweke kondhang kaonang-onang minangka dhalang sing laris marga pancen apik temenan, kajaba swarane pancen gandem, sabetan lan sanggite uga bregas. Dheweke uga ora nyempal saka pakem pedhalangan.
Embuh marga apa saikine dheweke wis katut ilining ombak sing kaya-kaya ora bisa kabendung.
Dheweke melu-melu nggelar pakeliran sing banget nyempal saka pakem pakeliran.
Ganda Suwarno isih kelingan jaman biyen rikala Ki Wasis Carito sing jeneng asline Paimin ajar ndhalang.
Paimin pancen rada nekat supaya bisa dadi dhalang kang kondhang.
Apa bae ditempuh wektu kuwi.
Nadyan kerep tombok nanging ora kapok.
Nadyan kerep buntung tetep bae manggung.
Wis dudu crita sing nggumunake lamun bubaran ndhalang dheweke kerep nuntun wedhus menyang pasar kanggo tombok.
Olehe ora tombok bae kepriye? Opah tanggapan mung rong yuta. Kamangka penabuhe ana 22 wong.
Dene waranggana plus penyanyine ana cacah lima.
Kuwi durung sewa gamelan lan wayange kang mbutuhake dhuwit ora sethithik.
Kabeh mau pancen ana undhuhane.
Paimin sidane dadi dhalang kondhang lan ganti jeneng Ki Wasis Carito.
Ing satengahe penonton sing padha ngibing, Ganda Suwarno tansaya mumet sirahe.
Ora dikira lamun dhalang sing dianggep bisa nerusake pakem pedhalangan kaya Ki Wasis Carito kuwi saiki bisa kecebur ing pakeliran murahan. Pakeliran sing mung nyuguhake hura-hura.
"He, Ganda Suwarno, aku nuntut keadilan marang kowe!" panggetake Buta Cakil.
"Nuntut bab apa? Lha, salahku apa?"
"Kowe ora rumangsa salah? Salahmu wis ora kepetung...!"
"Kowe golek bukti? Ha, ha, ha...!" pambengoke Buta Cakil karo matane jelalatan kaya-kaya arep nguntal Ganda Suwarno.
"Wis akeh buktine. Aku sakanca kuwi uga titahing Gusti.
Ing antarane titah, satemene aku sakanca kuwi pilih tandhing.
Tandangku trengginas, cekatan.
Ning kena ngapa aku sakanca durung tau menang mungsuh wong sing tandange klemar-klemer kaya Janaka kae?"
"Pakeme pancen kudu ngono. Yen kowe sakanca sing dakmenangake, bisa-bisa aku dibalangi penonton."
"Ateges urip kuwi ora adil. Ngendi ana wong urip mung kanggo tumbal liyan?!"
"Ya kuwi adile. Kuwi wis trep...."
"Kok bisa?"
"Ya, bisa. Awit kowe buta sing elek rupane. Tumindakmu nasar lan adoh saka pranatan. Mula, kowe pantese ya kudu mati."
"Yen rupaku elek, kudune sing salah kuwi ya sing natah wayang.
Salahna dheweke! Ning, yen aku diarani tumindak nasar, aku ora trima, awit aku durung tau ndhemeni bojone liyan.
Wis kaping pira kowe kelonan karo pesindhenmu?"
Ganda Suwarno kelingan lelakon nalika isih mudha biyen.
Saben-saben ana waranggana enom tur ayu, mesthi ora luput dadi dhemenane.
"Ngapa kok malah nglamun!?" panggetake Buta Cakil maneh.
"A..., aku njaluk ngapura...!"
"Njaluk ngapura? Kok gampang temen...."
"Banjur aku kudu kepriye?"
"Kowe kudu njawab pitakonku dhisik!"
"Pitakonan bab apa?"
"Satemene sing nasar kuwi aku apa Janaka sing thukmis lan seneng ndhemeni bojoning liyan kuwi? Apa marga klangenane Janaka padha karo dhalange, banjur tansah dimenangke manawa mungsuh aku?"
"Hus, aja ngrembug bab kuwi maneh! Aku isin, marga wis tuwa...."
"Kowe ya duwe isin, ta? Wong kaya kowe kuwi becike enggal tinjo akerat bae!" ujare Buta Cakil agahan polah pencilatan nguber Ganda Suwarno. Ora ana cara liya tumrap dhalang sing ambegane wis nyenen-kemis kuwi kajaba mlayu golek slamet.
Ananging eman, playune Ganda Suwarno kepapak dening buta bajang.
"He, Ganda Suwarno. Kowe isih kelingan aku?"
"Ko, ko, ko...kowe Suka Sarana, ta?" semaure sajak keweden.
"He, he, he...isih tablang panyawangmu. Aku ya njaluk keadilan kaya Buta Cakil!"
"Keadilan bab, apa?"
"Kowe isih kelingan ta, yen aku mati siya-siya? Yen dakrasa tumindakku ora nasar kepara labuh-labet marang sedulur sing daktresnani. Nanging kena ngapa aku kudu nemahi tiwas?"
"Ko, ko...kowe ya kudu mati," semaure Ganda Suwarno sakecekele. "Kajaba rupamu elek, anggonmu labuh-labet marga kowe duwe melik supaya diaku sedulur dening Bambang Sumantri."
"Bab rupa elek kuwi jatah. Ning, tanpa labuh-labet aku iki rak ya sedulure enom Kakang Sumantri, ta?"
"Bener, ning Sumantri rumangsa isin duwe sedulur kowe...."
"Apa laku sing kaya mangkono malah dianggep bener?'
"Ya, pancen pesthine kudu mangkono...."
"Ateges cetha yen kowe dhalang sing ora adil. Mula, rasakna landhepe siyungku iki!"
Kaping pindhone Ganda Suwarno mlayu nunjang palang.
Banjur, makjadhug! "Krompyang....!!!" Dhengkule natap sakaning omah satemah sempoyongan nabrak meja kebak gelas lan jajanan.
Wong-wong kang lagi ngemasi gamelan lan wayang banjur ngroyong-ngroyong Ganda Suwarno marga semaput.


Kajirêt Alang Alang
Daksêkarêp angên-angên iki nlasak bêbóndhótan lêlakón síng kawuri. Dakjar sakabèhé kabukak manèh íng alam wêwayangan. Dakujå råså iki têtêgaran ngoyak marang rêrangkèn kêdadéyan síng wís mungkúr.
Kêdadéyan síng pêpak klawan mêndhak mêndhukulé kahanan. Såpå manèh yèn dudu uríp síng ajêg sêsandhingan klawan Rêtno. Ya Rêtno.
Wanitå siji kuwi pancèn síng ajêg ngisi lêmbar uripku. Wanitå síng tansah biså gawé ramé rikålå samún. Gawé bêníng rikålå bukêt, gawé padhang rikålå pêtêng. Nangíng nadyan mangkono wiwít saiki aku kêpéngín nglalèkaké íng siså-siså urípku. Awít aku ora kêpéngín lêlakón urípku ing salawasé kacêncang klawan dhèwèké. Wiwít iki aku kêpéngín mardikå. Uríp síng roså ngadhêpi êmbúh kåyå ngåpå wujudíng panguripan. Wiwít iki aku kudu nglênggånå yèn Rêtno mokal bisa dakdarbèki sawutuhé. Umpåmå kêmbang dhèwèké kang thukúl íng pinggír dalan, nadyan éndah ora ånå sijiå kang hak darbèni sawutuhé. Såpå waé biså mêthík. Såpå waé bisa nikmati ganda arúm wanginé.
Nangíng... têtélå ora gampang. Sêlót suwé aku ngadóh sêlót ngêlak råså iki kêpéngín bali kåyå síng wís naté karoncé dukíng uni.
Rikålå gagat rinå, wayahé bún isíh nêlêsi pasukêtan. Nalikå manúk-manúk sriti kêkitêran ing sêla-sêlané gódhóng príng síng isíh antêng íng pójók déså iki. Nalikå aku isíh têtêp lunggúh têkan ésúk iki ing pójók kampúng. Jalaran íng têngah wêngi mau aku têtêp kaosík déníng wêwayangané wanitå siji kuwi. Ing tlapukanku datan biså ngipataké anané wêwayangané, såkå pakulitané kuníng, kanthi mripat bêníng, rambút dåwå, èsêm paít madu lan andhêng-andhêng cilík-ing sisíh kiwå irúng kang bangír. Ati iki kêpagút wêwayangan wanitå sing patang taúnan iki tansah nyiram tlatah cêngkar ati iki.
"Tênan, sampéyan kêpéngín nglalèkaké aku, Tuan?" bêngi kuwi swarané nggodhå.
"Yå, nglalèkaké! Jalaran tangèh tå aku bakal darbèki awakmu," wangsulanku cêkak.
"Ha...ha...," Rêtno ngguyu ngakak. "Aku iki dagangan, Tuan. Siapa saja bolèh bawa pulang," kandhané wóng wadón iku karo ngrubúhaké awaké íng pundhakku.
"Nangíng généyå kowé nolak yèn daktuku lan dakgåwå bali," aku mbujúng omongané.
"Lho-lho..., kowé kuwat mbayar?" pitakón iku síng pijêr gawé aku klimpungan.
Pancèn, aku dudu bós síng dhuwít dadi pêrkara gampang. Aku wóng ngangguran síng íng dina-dinané amúng isi abúríng angên-angên. Sasat kåyå layangan pêdhót, íng dinå-dinaku amúng kléyangan êmbúh têkå ngêndi parané. Såkå kuwi aku nganti kêtêmu Rêtno. Wóng wadón síng mapan íng póncót jêjêl riyêlé kuthå iki.
Sulak abang wís kawistårå ing brang wétan.
Daklólós rókók síng kari saklêr, nuli bungkús kuwi dakrêmêt lan dakuncalaké íng kali cilík sangarêpku lungguhan. Bubar dakêmpak lan daksêdhót landhúng. Pêgå daksêbúl bantêr, prasasat nguncalaké wêwayangan síng gumandhul íng råså. Éwasêmånå pambudi kuwi datan kuwåwå buncang råså kapang.
Aku jumangkah nyêdhaki klarahan dluwang síng gumléthak íng sukêtan. Gambar síng kåyådéné ilustrasi sawijiné critå dadi narík kawigatènku. Kanggo nglipúr ati nuli dakwåcå crítå síng ana suwèkan dluwang tilas buntêl pangan kayané. Ndulu basané nganggo båså Jåwå mêsthiné iki såkå buku pêlajaran båså Jåwå. Wís ora ånå judhulé, níng íng kono kênå daksêmak kåyå critané kêthoprak síng naté dakrungu såkå radhio. Pangéran Jayèng Rasa síng matèni Dèwi Rêtnóníngsíh, jalaran trêsnané ditolak wanitå síng luwih trêsnå klawan kadangé sêpúh Pangéran Jayèng Kusumó.
Nyêmak critå kuwi dumadakan atiku dadi kêtarík. Sawijiné råså síng ora naté dakråså salawasé iki. Iyå, pokalé Jayèng Rasa, kåyå-kåyå pawèh gêgambaran tumrap aku. Bênêr, ora ånå cårå liyå aku dudu ngilangi Rêtnó. Ilangé Rêtnó, têgêsé tékadku kêpéngín mardikå såkå wêwayangané biså dadi kanyatan. Yèn aku ora bisa ngukúp, wóng liyå ugå kudu ora kêna ngukúp. Minångkå laku muríh kabèh mau katêkan, aku kudu ngilangi wanitå kuwi såkå sêla-sêlané urípku. Aku mênyat såkå lungguhan, dluwang sasuwèk mau dakbantíng lan dakilês sora.
Srêngéngé angslúp íng brangkulón. Lakuné wêktu dinå iki kåyå-kåyå palíng suwé dakråså. Pancèn sêdinå wutúh aku ngarêp-arêp srêngéngé énggal cêpêt angslúp íng jêrón bumi. Bêngi iki aku kêpéngín énggal mêthuki Rêtnó. Pisan manèh dhompètku takungak, dhuwit atusan siji asil dódólan pit ónthèl awan mau isíh wutúh sumlêmpit. Dhuwít kuwi wís cukúp kanggo nyêdhaki Rêtnó, biyasané sêprapaté kuwi waé wís cukúp.
Mancík bubar wayah Isak aku jumangkah. Sangu sawènèh sêdya anèh aku mlaku gagah tumuju papan pinggír gang síng rupak kuwi. Kumêluné pêgå rókók síng dakakêp kêsaut angín wêngi nguntabaké lungaku. Têkan prapatan ngarêp omahku kêbênêran Paiman tukang parkír liwat, sisan lakuné anggóné nunút dhèwèké. Kadêrêng lakuku énggal têkå papané Rêtnó.
Lampu limang watan ora kuwawa madhangi papan síng riyêl íng gang pinggir kuthå iki. Bocah-bocah síng ora kêtiban bêgjå, katón rêgêt lan pucêt nglipúr ati kanthi dolanan íng sêla-sêlané gang. Nalikå aku têkan íng papané Rêtnó, Sulasíh sing mêthukaké têkaku.
"Nggólèki Rêtnó, Bós?" kandhané nanggapi têkaku.
"Iyå, ånå tå?" aku balík takón.
"Rókóké sík," tangané bocah wadón iku agé nggramang íng sakku lan nyaút bungkús rókók.
"Lagi ånå tamu, ditunggu waé," Sulasíh nêrusaké klawan nyêdhót rókók.
"Mångså wayah ngéné wís nåmpå tamu?"
"Kowé yå wayah ngéné wís têkå kéné. Tamuné, Santoså, supír truk pêlabuhan. Kawít jam papat soré mau nganti saiki durúng mêtu," kandhané Sulasíh karo sèndhèn témbók.
"Sêmprúl, bêtah-bêtahé têmên," aku gêdumêl. Kêpêksané aku kudu nunggu nganti Santosa mêtu. Supír kuwi pancèn sugíh dhuwít, mulå tutúg yèn barêngan karo Rêtnó.
Dakungak såkå jam témbók síng cumanthèl ora adóh papanku lungguh nuduhaké sêtêngah sêpulúh bêngi. Édan, supír truk kuwi lagi mêtu såkå kamaré Rêtnó. Nalikå wóng mau liwat aku api-api turu.
"Bêtah têmên wóng mau ånå kéné?" pitakónku nalikå mlêbu kamaré Rêtnó.
"Suwé, bayaré ugå lumayan," wangsulané Rêtnó.
"Saiki aku yå wani mbayar suwé," aku nuduhaké dhompètku.
"Isiné pirå wani nudúh-nudúhaké dhompèt, gåwå mréné," Rêtnó têrús nyaút dhompètku, dhèwèké mèsêm nalikå wêrúh ing kono katón lêmbaran atusan éwón.
"Saiki piyé?" aku wani kêmaki.
"Karêpmu...," Rêtna kåyå kêthèk kêtulúp anané amúng manút, "Níng iki dhompèt kudu dakgåwå dhisík, kanggo jaminan," kandhané karo ngglédhag ånå dhipan.
"Oké," aku ngrubúhaké awak íng sisihé.
Nganti sawêtårå aku lan Rêtnó jêjagóngan. Rancangan síng wís dakracík ånå ngomah ndilalahé biså mlaku rancag. Niyat sakawít sansåyå nóthól nalikå supir truk mau sauwèn-uwèn ånå kamar iki. Jam íng kamar wis nudúhaké jam sêwêlas bêngi. Íng njåbå wis katón sêpi. Swarané bocah-bocah wís ilang kalindhih déníng wêngi. Amúng kålå-kålå kêprungu swårå cêkikikan ing sadawané gang, síng disêlani swårå sêsênggóran dadi wiråmå primitip bêngi iku.
Aku ngawiti ucul klambi, Rêtnó ora suwålå nalikå dakaras. Dhèwèké mêrêm nalikå aku tumindak sansåyå nakal. Lan..., wêngi iki wanitå iku ora nggrahitå. Bantal íng sandhingku rikat daksaút kanthi sarosané dakkêkêpaké íng rainé Rêtnó. Wanitå kuwi mau bånggå, nangíng aku luwih rosa. Suwéníng suwé karosané Rêtnó sêlót ringkíh lan sabanjuré mênêng. Éwasêmånå aku durúng kêmbå, rainé isíh dakkêkêp bantal.
"Mati kowé!" kandhaku nalikå nyawang wanita sing sasuwéné iki nggodhå atiku.
Wêruh Rêtnó wís tanpå nyåwå aku marêm. Nangíng sabubaré kuwi råså bingúng wêrúh-wêrúh mrambat ing dhådhå. Ånå råså panglênggånå yèn bêngi iki aku wís tumindak salah mungguhé ukúm. Têgêsé aku wís mlêbu ing bundhêtaning pêrkårå. Nglênggånå kuwi kabèh atiku dadi kuwúr, råså gêtêr tumanjêm íng dhådhå. Klambi daksaút lan aku agahan njranthal mêtu såkå kamaré Rêtnó. Aku ora kêpêngín polisi ngonangi tumindakku. Aku kudu mlayu.
Sêwêngi mupút aku ora turu. Aku têrus mlaku lan mlaku têrus. Mancík íng gagat rinå aku wís mancík íng sawènèh pasar sing adóh såkå kutha. Êmbúh ånå pasar ngêndi iki, aku ora ngêrti. Dumadakan aku ngrasakaké luwé. Aku kudu ngisi wêtêng dhisík, sadurungé aku nutúgaké playuku. Kabênêran ing pójók pasar ånå warúng wédang, lakuku tumuju kono.
Sawusé lunggúh aku aba tèh panas klawan mangan. Kåyå sêlak ora sråntå wédang dakombé lan sêga dakpangan klawan råså kêsusu. Sêga sêpiríng waé rasané kaya pahít, aku ora kuwåwå ngêntèkaké. Tibå wêktuné mbayar, édan! Jêbúl dhompètku kèri ånå kamaré Rêtnó. Têrús nganggo åpå aku arêp mbayar, aku bingúng. Nolèh rånå nolèh réné. Åpå aku kudu mlayu? Mêsthi waé aku sêngsara yèn nganti mlayu, pasar iki wis ramé aku bakal gampang dicêkêl yèn nganti mlayu ngéndhani bayaran.
Tujuné ånå wóng apikan íng sandhingku síng kåyå-kåyå ngêrti klawan njêrón pikiranku. Pawóngan iki pancèn nyólóng pêthèk, nóntón rupané, panganggóné lan pawakané wóng kuwi gênah préman. Iring-iringan klawan têkaku. Nangíng jêbúl apikan.
"Kowé mangan åpå Mas, aku síng mbayar," wóng mau nglólós dhuwít atusan èwu salêmbar kanggo mbayar.
"Matúr nuwún yå Mas, aku wís dibayari," kandhaku.
Wóng mau nyandhak pundhakku klawan kåndhå, "Dudu aku síng mbayar, dhuwit iki dhuwítmu dhéwé. Harak iki ta dhompètmu?" wóng mau nudúhaké dhompèt lan bênêr iku dhompètku. Généyå?
Durúng ilang råså kagètku wóng kuwi kanthi cêpêt ngrungkêt awakku. Sarosané aku suwålå, nangíng wóng mau luwíh roså.
"Kowé såpå? Salahku åpå?" aku njolå.
"Kowé tå síng matèni Rêtnó?" kandhané karo bórgól tanganku.

Tidak ada komentar:

LAPORAN PRAKTEK KERJA LAPANGAN (PKL) PROGRAM KEAHLIAN FARMASI KLINIS DAN KOMUNITAS

  LAPORAN PRAKTEK KERJA LAPANGAN (PKL) PROGRAM KEAHLIAN FARMASI KLINIS DAN KOMUNITAS SMK  APOTEK QIRANI FARMA (Waktu Pelaksanaan: ...