Jumat, 04 Februari 2011

GAPURA MAJAPAHIT

Gapura ana ing desa Rondole kecamatan Margorejo kabupaten Pati iku saka Majapahit. Bangunan kuwi salah sawijine gapura kaputren Majapahit. Gapura kuwi bisa ana ing desa Rondole nduweni riwayat nganeh-anehi.
Riwayat iku wiwit nalika sunan Muria arep nggawe masjid Muria. Wali lan ulama nggagas, yen masjid iku sakprelu diwenehi gapura ing ngarep masjid. Sunan Muria nggagas yen ing Majapahit nduweni gapura akeh sing ora dienggo maneh lan isih ketok apik.

Nalika isih rerembugan ing pendapa, ana priya gantheng marani sunan Muria. Periya iku ngaku putrane sunan Muria, krungu yen periya iku putrane, sunan Muria kaget. Periya iku crita asal-usul lan riwayate. Periya iku nduweni jeneng Bambang Kebo Nyabrang. Nalika sunan Muria arep niliki santrine eng desa Ngerang, ing kali Bangsri banjir. Banjur sunan Muria nggoleki papan sing iso kanggo nyebrang. Nalika nggoleki, ana kebo wedhok nyedhaki sunan Muria. Amarga sunan Muria nduweni kasekten, kebo wedhok iku banjur ditumpaki kanggo nyebrang kali Bangsri sing isih Banjir. Ana ing sebrang kali, sunan Muria wis dienteni ki Ageng Amongrogo. Ulama iku banjur kangen-kangenan, wis suwe ora ketemu. Ana ing pesantren iku sunan Muria niliki santri-santrine sing padha ngaji ing kana. Sakwise bubar niliki santrine, banjur sunan Muria pamit balek ana ing Muria. Sakdurunge mlaku, sunan Muria kudu nguyoh. Nalika sunan Muria nguyoh, lan kebo wedhok weruh, banjur kebo iku ndilati banyu uyohe sunan Muria. Amarga saking sektine sunan Muria, kebo iku meteng lan sing ing njero wetenge kebo iku dudu anak kebo, nanging anak manungsa sing diwenehi jeneng Bambang Kebo Nyabrang.
Keprungu critane Bambangn Kebo Nyabrang iku sunan Muria isih ora percaya yen Bambang Kebo Nyabrang iku anake. Kanggo mbukteake yen Bambang Kebo Nyabrang iku anake, sunan Muria ngongkon njupuk gapura eng kaputren keraton Majapahit ngantii tekan masjid Muria, sakdurunge srengenge methongol. Yen Bambang Kebo Nyabrang iso nglakoni sing dikon sunan Muria, dheweke bakal diakoni anake sunan Muria.
Esuke Bambang Kebo Nyabrang lunga menyang Majapahit dhewekan, ora ana sing ngancani. Eng dalan dheweke ketemu karo begal sing nyegat ing dalan, begal iku njaluk bekal sing digawa Bambang Kebo Nyabrang. Amarga Bambang Kebo Nyabrang nduweni kasekten, begal iku ora wani lan mlayu. Sakwise mlaku adoh,Bambang Kebo Nyabrang tekan ana ing keraton Majapahit. Nang kana dheweke nggolek gapura sing arep digawa menyang masjid Muria. Ana ing atine Bambang Kebo Nyabrang krasa yen ora kuwat nggawa gapura iki, kabeh kasektene wis dimetoake kanggo njunjung gapura iku. Nalika gapura bisa kaangkat, ana pawongan sing njaga gapura iku. Pawongan iku takon karo Bambang Kebo Nyabrang : “ Heh...ameh mbok apaake gapura iku?”. Bambang Kebo Nyabrang mangsuli : “ Arep aku gawa ana ing Muria, ana apa? Lan kowe iki sapa?”. “ Aku iki sing njaga gapura iki, jenengku Mangklu Alus!! Kena apa kowe arep nggawa gapura iki?” takone Mangklu Alus. Bambang Kebo Nyabrang mangsuli maneh : “ Gapura iki arep aku gawa menyang Muria, amarga sunan Muria sing ngongkon aku. Apa kowe ora ngerti aku? Aku iki Bambang Kebo Nyabrang anake sunan Muria”. “Sakarepmu, pokoke kowe kudu ninggalake gapura iki yen ora kepengen aku pateni” wangsulane Mangklu alus. “ Apa kowe ora ngerti yen saiki keraton Majapahit iku neng ngisore kasultanan Demak lan wali kabeh?”. Amarga ora nuruti sing dikon Mangklu Alus, banjur dheweke adu kasekten. Mangklu alus kalah, banjur Bambang Kebo Nyabrang ngongkon Mangklu Alus nggawa gapura iki menyang Muria.
Neng liya panggon anake adipati Pati pesantenan sing nduweni jeneng raden Ronggo pengen ngepek bojo anake ki Ageng Ngerang sing jenenge Roro Mujiwat. Amarga raden Ronggo iku isih ponakane, Roro Mujiwat nduweni muslihat kanggo nolak. Nalika raden Ronggo menyang Ngerang, Roro Mujiwat nyambut kayak bibi karo ponakan. Banjur Roro Mujiwat ngutaraake kepingine mboyong gapura kaputren Majapahit tekan Ngerang. Saknalika iku raden Ronggo lunga menyang Majapahit kanggo mboyong gapura Majapahit.
Sakwise tekan Majapahit, radeen Ronggo kaget amarga gapura kaputren Majapahit wis ora ana. Raden Ronggo uga lunga ninggalake Majapahit menyang kulon. Raden Ronggo krungu yen gapura iku wis digawa uwong, raden Ronggo ngoyak nganti entuk. Neng dalan raden Ronggo ketemu Bambang Kebo Nyabrang karo Mangklu Alus sing nggawa gapura iku. Raden Ronggo njaluk gapura iku, nanging Bambang Kebo Nyabrang ora menehake. Amarga gapura iku ora diwenehake, banjur raden Ronggo adu kaskten karo Bambang Keebo Nyabrang. Nalika perang, kembang sing ana ing gapura iku ceblok, mila ana panggonan iku diwenehi jeneng “Sekarkurung” utawa sing nduweni makna “kembang kang ceblok”.
Perang diterusake maneh, nanging gapura isih digawa. Neng kulon Sekarkurung ana kedadean maneh, ganjal lawang gapura iku ucul, banjur daerah kuwi dijenengi “Jelawang” ( Ganjel Lawang ). Ing panggon liya desa perange mandheg. Amarga perange leren, desa iku diarani “Nduren” sing nduweni makna “Padu lan Leren”.
Nalika Bambang Kebo Nyabrang nerusake perang, sunan Muria ngendheake perang iku. Ana ing lereng bukit desa Gembong, sunan Muria weruh menawa srengenge wis methongol. Mila sunan Muria nduweni gagasan menawa gapura iku ora bisa digawa ana ing Muria. Amarga lereeng kanggo perang srengengene wis methongol,sunan Muria ngonong : “ Lha kae srengengene wus ceta wela-wela”. Lereng punika diarani “Trowelo” ( Ceta Wela-wela ). Sunan Muria ngandhel yen Bambang Kebo Nyabrang iku anake, nanging raden Ronggo ora seneng amarga Bambang Kebo Nyabrang diakoni sunan Muria sing nggawa gapura iku. Sunan Muria ngomong karo raden Ronggo : “ Ronggo sapa sing sakbenere nggawa gapura Majapahit iku?”. Raden Ronggo mangsuli kang gawa gapura iku dheweke, nanging ing dalan dijaluk Bambang Kebo Nyabrang. Kanggo mbuktekna sing nggawa raden Ronggo, sunan Muria ngongkon raden Ronggo ngangkat gapura iku, nanging gapura iku ora bisa kaangkat, nganti mripate raden Ronggo mondol lan ilate melet nanging gapura iku ora bisa kaangkat. Desa iku diarani karo sunan Muria desa “Rondole” sing nduweni arti raden Ronggo ( Ron ), Mondol ( Dol ), lan Melet ( Le ). Gapura iku ditingali sunan Muria, amarga patoke gapura iku ora ana, sunan Muria ngongkon raden ronggo njupuk. Raden Ronggo nduweni kesempatan kanggo mbuktekna karo Roro Mujiwat yen dheweke wis bisa nggawa gapura iku. Raden Ronggo tumuju ana ing Ngerang kanggo ketemu karo Roro Mujiwat. Sakwise tumuju ana Ngerang raden Ronggo ketemu karo Roro Mujiwat lan ngutaraake yen wis bisa nggawa gapura kaputren Majapahit. Nanging Roro Mujiwat wis ngerti crita sing sakbenere, mila ditolak tresnane raden Ronggo kanggo ngepek bojo. Amaraga ora trima raden Ronggo oara bisa ngendheaken amarahe, banjur Roro Mujiwat digebug nganggo patok kang wis digawa raden Ronggo. Kedadean iku ana ing desa Gembong.


DUMADINE MASJID ADIPATI SINDUREJO
Ing Deso Jumo dhisik durung akeh warga sing manggon neng kono. Omah-omah iseh adoh-adoh antarane omah siji lan sijine. Desa Jumo sing rata-rata wargane agama islam, nanging jaman dhisik neng kono durung ana masjid. Jarene masjid kuwi biyen digawe dening Wali, nalika ana Wali sing lagi nggawe masjid mau ana salah sijine warga sing ngonangi. Banjur Wali mau langsung ninggalake masjid sing durung dadi kuwi. Mula masjid mau nalika jaman biyen durung sempurna.

Masjid Adipati Sindurejo wis atusan taun umure. Jeneng Adipati Sindurejo, yaiku dijupuk saka jenenge wong. Jeneng asline Patih Adipati Sindurejo, dheweke Patih saka Kraton Mangkunegaran (Kartasura). Critane diwiwiti nalika Adipati Sindurejo bisa tekan ana ing Desa Jumo. Nalika dheweke isih ing Kraton dheweke oleh tugas yaiku dheweke diasingake ing Jumo. Nanging sebenere Adipati Sindurejo duwe kekarepan kapengin urip dhewe, yaiku urip dhewekan adoh saka Kraton, mula kuwi dheweke nrima kahanan mau.

Adipati Sindurejo urip ing Desa Jumo kanthi tentrem, mbaur dadi siji karo masyarakat kono. Adipati Sindurejo ora suwe urip ing Desa Jumo. Dheweke akhire tinggal donya, ana ing sajeroning pengasingan mau. Adipati Sindurejo nganti ninggal ora ana sing niliki. Nanging sawise dheweke tinggal, ana pawarta tekan Keraton Mangkunegaran.

Adipati Sindurejo dimakamake karo warga Jumo ing buri Masjid Adipati Sindurejo, makam ing jejer-jejere dikanggokake dening kerabat-kerabate. Mula kuwi ana panggonan khusus ing makam sing jenenge Sareyan. Makam Adipati Sindurejo yaiku makam sing dikeramatake, masjid lan makam Adipati Sindurejo saiki wis didandani. Printah saka Kraton mangkunegaran yaiku nggoleki ing ngendi wae silsilahe kaluwarga Karaton Mangkunegaran. Pungkasane kepethuk Patih Adipati Sindurejo. Nanging nalika Adipati Sindurejo kepethuk wis awujud makam, banjur makam mau digawekake cukup utawa omah-omahan.

Makam Patih Adipati Sindurejo nganti saiki dikeramatake lan dinggo ziarah para warga lan kaluwarga saka Kraton Mangkunegaran. Saben wektu mesthi saka kaluwarga Kraton Mangkunegaran ziarah lan ziarah kuwi Mistis banget. Crita kuwi mau sing dadi asal mulane jeneng Masjid Adipati Sindurejo Jumo.
Crita liyane sing ana ing Masjid Adipati Sindurejo, crita ing ngarep Masjid, yaiku ing kolah utawa panggon kanggo wudhu. Ana sing jenenge Kyai Poleng. Kyai Poleng wujude ora ketara sing ketara yaiku mung rupa awak gedhe dhuwur. Senenge lungguh neng dhuwur kolah, nalika wayah wengi teka, Kyai Poleng ngetok neng dhuwur kolah, arep nggodhani wong-wong sing lewat neng ngarep kolah utawa neng ngarep Masjid. Ana salah sijine warga yaiku Pak Nur Khamdi, pengurus Masjid Adipati Sindurejo, nalika dheweke turu neng jero Masjid dheweke ngalami kedadean aneh.

Kedadean aneh kuwi teka ing tengah wengi, nalika Pak Nur turu dheweke dipindhah panggon turune, yaiku neng dhuwur kolah. Sing ngalihake turune yaiku Kyai Poleng.
Nalika Pak Nurkhamdi tangi dheweke kaget, “Lho kok turuku pindhah neng kene?“
Nanging dheweke banjur sadhar menawa sing mindhah dheweke ora liya kejaba Kyai Poleng. Pak Nurkhamdi kerep turune dipindhah neng jero Masjid kono, apa maneh menawa dheweke lagi turu dhewekan luwih-luwih turu neng baris nomer telu.

Adipati Sindurejo arum jenenge, gedhe baktine, marang Kraton Mangkunegara. Mula kuwi ing Desa Jumo Adipati Sindurejo akeh banget kanggone. Putra Sindurejo, jeneng pakumpulan bocah Bal-balan. Putra Sindurejo wis ulang taun ping telung puluhan, Putra Sindurejo kerep diundang ana ing turnamen Bal-balan antar klub. Ana acara-acara ritual ninggalake sragam ing buri Masjid Adipati Sindurejo.
Jeneng liyane sing asale saka jeneng Adipati Sindurejo, Madrasah Ibtidaiyah Adipati Sindurejo Jumo. Sekolah swasta satingkat SD, sing dijenengi nganggo jenenge patih mau, ora mung kuwi wae isih ana jeneng liyane sing nganggo jenenge Adipati Sindurejo. Jeneng salah sijine pakumpulan truk ing Desa Jumo, Sindurejo yaiku jeneng pakumpulan angkutan umum khususe angkutan truk. Paguyuban truk sing ana ing Desa Jumo Kecamatan Jumo. Iki kabeh crita sing asal mulane saka jenenge Patih Adipati Sindurejo Jumo.



GUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG
Ing jaman kraton utawa kerajaan Jenggala kang manggon ing jawa wetan, rajane jenenge Prabu Banjarsari utawa Raden Kudalaban. Prabu Banjarsari kalebu raja kang disenengi rakyate amarga dheweke duweni rasa welas lan asih marang rakyate nanging dheweke uga duweni kasenengan yaiku tapa ing jero guwa olehe tapa tekan ngendi-ngendi nganti sawijining wektu dheweke tapa ana ing guwa kang manggone ing Gunung Kumbang cethane ing tlatah Salem. Guwa mau diarani Guwa Terusan.


Nalika dheweke tapa dheweke entuk wangsit saka dewa munine kraton Jenggala bakal rubuh rata karo lemah lan arep dadi alas maneh mula Sang Prabu kudu nggolek panggonan liya lan mbangun kraton anyar. Sawise nampa wangsit kaya mangkono Prabu Banjarsari banjur bingung dheweke tapa maneh lan ing tapane sing kapindho dheweke ditekani karo Eyang Prabu Sindula. Eyang Prabu Sindula ngendika yen Prabu banjar sari kudu babad alas kang ana ing mburine Gunung Kumbang lan olehe babad alas mau kudu dhewekan ora entuk nggawa prajurit. Ing kono Prabu Banjarsari banjur takon piye yen nganti nggawa prajurite? Eyang Prabu Sindula mangsuli mengko bisa ndadekake bebendu tumrape rakyate. Sawise mangsuli pitakon mau Eyang Prabu Sindula banjur ngilang.

Prabu Banjarsari tansaya bingung, dheweke arep lunga apa ora yen nganti rakyate ngerti yen rajane lunga mesthi padha ngetutake sawise mantep Prabu Banjarsari mutusake lunga babad alas mau. Ora let suwe kraton Jenggala banjur geger amarga kelangan rajane sing lunga ora pamit. Rakyate padha bingung ora ngerti kudu kepiye kena digambarake kaya kuthuk kelangan babone. Jenggala dadi morak-marik ora ana aturan uripe padha nganggo sakarepe dhewe begal, rampog padha metu wong-wong akeh sing dadi korbane.
Ora betah karo kahanan mau saperangan rakyat Jenggala nekani Kaki lan Nini Setomi sing oraliya rakyat Jenggala sing duweni kadigdayan lan kasugihan. Wong-wong padha takon bab lungane Prabu Banjarsari nanging Kaki lan Nini Setomi uga ora ngerti ning ngendi lungane Prabu Banjarsari. Nanging Kaki lan Nini Setomi banjur kandha karo rakyat Jenggala yen dheweke arep semedi njaluk pitutur dewa. Krungu kandhane Kaki lan Nini Setomi rakyate banjur padha ngenteni semedine.

Ing semedine Kaki lan Nini Setomi entuk warah yen lungane Prabu Banjar sari ngulon. Pitutur mau banjur dikandhakake karo wong-wong sing ngenteni. Kaki lan Nini Setomi banjur nari wong-wong mau piye yen nusul Prabu Banjarsari? Wong-wong mau banjur padha rembugan lan mutusake arep nusul Prabu Banjarsari. Esuke rakyat Jenggala wis padha siap arep mangkat kabeh bandhane digawa ingon-ingonane kayata wedhus, sapi padha digawa sawise padha kumpul ing plataran kraton banjur padha mangkat, rombongan mau dipimpin dening Kaki lan Nini Setomi. Rombongan mau padha mlaku ngulon, anggone mlaku nganti pirang-pirang wulan.

Saben ana panggonan sing dianggep aman padha leren biasane terus padha guneman. Bareng wis mlaku rombongan mau tekan ing Gunung Kumbang. Ing kono Kaki lan Nini Setomi banjur semedi ing Guwa Terusan anggone semedi ana ing sanjabane guwa. Nanging ning kono ora padha ngerti yen ing jero guwa Prabu Banjarsari isih tapa. Ing tapane Prabu Banjarsari ditekani Eyang Prabu Sindula dheweke diwekas supaya ngrampungake tapane lan nemoni Kaki lan Nini Setomi sing lagi semedi. Ing kahanan liyane Kaki lan Nini Setomi uga ditemoni karo Eyang Prabu Sindula lan diwenehi ngerti yen Kaki Setomi arep didakekake patihe Prabu Banjarsari nanging ana sarate, sarate yaiku kudu ngrewangi Prabu Banjarsari mbabad alas kang ana ing burine Gunung Kumbang.

Sawise ketemu karo Kaki lan Nini Setomi wong loro banjur kangen-kangenan banjur padha nemoni rakyate. Rakyat Jenggala nemen getone nalika weruh rajane maneh banjur padha tangisan. Prabu Banjarsari banjur crita bab lungane saka Jenggala, dheweke uga nyritakake yen arep babad alas kanggo mbangun kerajaan anyar. Alas sing arep dibabad mapan ing Burine Gunung Kumbang iku biyene duweke krajaan Galuh.
Alas mau alas gung liwang-liwung ora ana jalma manungsa kang wani ngambah amarga ing kono ana sing mbaureksa. Manut critane wong sing manggon ing sakiwa tengene alas ing alas kono ana kerajaan siluman sing gedhe ratune saka bangsa manungsa sekti mandraguna jenenge Dewi Ginawati dheweke uga bisa malih rupa dadi apa wae.

Krungu crita mau Prabu Banjarsari lan Kaki Setomi ora duweni rasa wedi dheweke tetep mantep arep mbukak alas Galuh mau. Sawise tekan alas mau banjur wiwit resik-resik Dewi Ginawati krungu kabar saka prajurite sing nglaporake yen ana wong sing ngrusak lan gawe geger. Dewi Ginawati murka amarga rumangsa diusik panguasane dheweke ora trima karo wong-wong sing digawa dening Kaki lan Nini setomi Dewi Ginawati terus mimpin wadya balane mateni Prabu Banjarsari sakrayate.

Ing kono Dewi Ginawati sakwadya balane perang kanthi cara nyebar lelara. Wong-wong padha lara nanging ora ngerti apa sejatine sing kadaden amarga ora weruh wujude wadya balane Dewi Ginawati sing wujude lelembut. Wong-wong sing keno lelara akeh sing mati, Prabu Banjarsari bingung kepriye carane ngatasi pageblug mau Dheweke banjur kongkonan Nini Setomi supaya semedi njaluk pitutur priye carane ngrampungi pageblug mau. Nini Setomi banjur semedi ing semedine Nini Setomi entuk wangsit sing munine dheweke kudu golek bawang lanang lan jahe banjur dibebeg lan dicampuri banyu saka pitung sumber sing beda.

Sawise dadi, ramuan mau diwenehake marang Prabu Banjarsari lan Kaki Setomi supaya disiramake ing panggonan-panggonan sing wingit. Sawise ramuan mau disiramake ing papan wngit. Sanalika wadyabalane Dewi Ginawati sing wujude lelembut banjur ketok, prajurite Prabu Banjarsari padha kaget weruh lelembut sing gawe pageblug. Saka panyawange para wong sing melu perang bangsa lelembut mau padha ngglethak kepanasen, ora duwe daya amarga kena ramuane Nini Setomi. Lelembut liyane padha mlayu pontang-panting ora karuan, ngerti wadyabalane kalah Dewi Ginawati banjur maju perang dhewe.
Nanging polahe banjur diendhegake karo Prabu Banjarsari ing kono kadaden perang gedhe antarane Prabu Banjarsari lann Dewi Ginawati. Amarga padha sektine kaya-kaya perang mau ora bakal rampung. Nanging saya suwe Prabu Banjarsari ngerti wadine Dewi Ginawati yaiku wedi karo ramuan sing digawe Nini Setomi. Kaki Setomi sing nyawang perang mau banjur akal dheweke nemoni Nini Setomi njaluk ramuane untunge isih ana sethithik banjur ramuan mau diwenehake karo Prabu Banjarsari.

Sawise ngerti yen Prabu Banjarsari duwe ramuan sekti mau, Dewi Ginawati banjur ngaku kalah lan dheweke gelem dipekbojo dening Prabu Banjarsari. Sawise ngalahake Dewi Ginawati Prabu Banjarsari mbangun kerajaan Galuh Anyar ing alas mau. Prabu Banjarsari rajane lan Kaki Setomi patihe. Dewi Ginawati banjur dadi bojone Prabu Banjarsari sawise bebojoan suweakhire Dewi Ginawati nglairake anak wadon sing dijenengi Dewi Lara Angin-Angin. Bareng wis gedhe anake mau ora gelem kawin lan malah lunga saka kraton. Critane sang Dewi Lara Angin-Angin saki dadi ratuning laut kidul.

ELINGA NGGER !
“ LENGGER”

Ki Martoloyo kuwi wong kang agamane kuwat lan seneng karo seni. Ki Martoloyo uga seneng ngulandara kanggo dhakwah utawa nyebarake agama islam. Nganti ing sawijining dina Ki Martoloyo tekan ing desa sing ana ing tlatah Wonosobo. Ki Martoloyo uga nyebarake islam ing kana. Kanggo mincut kawigetene warga supaya gelem pada ngumpul, Ki Martoloyo mbarang dadi lengger. Kamangka lenggerkuwi dandanane kaya wong wedok sing biyasane njoged kayata gambyong utawa tayub kang anggon-anggonane jarik, kemben, sampur, lan nganggo gelung gedhe. Nanging kabeh kuwi mau dilakoni Ki Martoloyo kanthi manah kang ikhlas. Sabanjure Ki Martoloyo njoged kaya lumprahe wong mbarang.

Akeh sing nonton Ki Martoloyo kang lagi mbarang. Kabeh kang nonton pada seneng-seneng, malah akeh kang padha melu njoged bareng karo Ki Martoloyo. Sawise dirasa cukup anggone senenseneng lan wis akeh wong kang ngumpul, Ki Martoloyo banjur ngrampungi anggone njoged. Kabeh sandhangan kang dienggo kanggo mbarang diuculi. Ki Martoloyo banjur linggih ing tengah-tengahe wong-wong mau. Ki Martoloyo banjur mejangi para warga babagan agama islam.

Ki Martoloyo nganggo acara mbarang lan macak dadi wong wedok kuwi mau kabeh ana alasane. Ki Martoloyo ngerti, yen warga nganti ngerti yen dikumpulake amarga arep diceramahi utawa dikon ngrungokake dakwah, mesthi ora padha gelem lan ora bakalan ana sing teka, mula Ki Martoloyo nganggo cara mbarang supaya warga padha kepincut banjur padha ngumpul. Wis mesthi warga luwih seneng ndelok acara-acara kang sipate panglipur utawa kasenengan dunya, tinimbang ngaji ngangsu kawruh babagan agama utawa ngrungokake dhakwah.

Ki Martoloyo banget anggone prihatin nalika ngerti yen warga padha mentingaken kasenengan urip tinimbang akhirate. Mula sethithik mbaka sethithik Ki Martoloyo wiwit ngenalake islam marang para warga. Lengger dinggo terus kanggo mincut kawigatene para warga supaya gelem padha ngumpul.
Lengger kuwi sejatine sarana, saranane Ki Martoloyo kanggo mikut kawigatene warga supaya gelem ngrungokake dhakwah. Jeneng Lengger kuwi ana tegese. Amarga sejatine lengger uga wewelinge Ki Martoloyo marang para wargane. Ki Martoloyo ngerti yen wargane padha seneng suks-suka mula sadurunge dhakwah warga dijak suka-suka. Sawise marem anggone padha suka-suka Ki Martoloyo banjur ngendika “Elinge ngger yen urip iki ora mung kanggo seneng-seneng, nanging urip uga kudu kita gunakake kanggo ngibadah, amarga urip iki ora kanggo selawase. Tembe mburine kita bakalan dipundhut marang Gusti Kang Maha Kuwasa, mula padha ngibadaha kowe padha”. Jeneng Lengger kuwi dijupuk saka welinge Ki Martoloyo yaiku, Elinga ngger. Dadi Lengger banjur digunakake kanggo njenengi joged kang dinggo kanggo ngumpulake para warga kuwi mau.

Sawise Ki Martoloyo dipundhut marang Gusti Kang Maha Agung banjur disarekake ing Desa Giyanti, Kelurahan Kadipaten, Kecamatan Selomero, Kabupataen Wonosobo. Tedhak turune uga padha omah-omah ing kana lan nduweni kuwajiban kanggo nguri-uri kabudayan kang ana utawa kang dadi tinggalane Ki Martoloyo, kelebu lengger. Amarga Ki Martoloyo kuwi wongkang tresna banget karo seni lan tradisi, dadi selawase Ki Martoloyo dhakwah, ora amung agama kang disebarake, Ki Martoloyo uga nguri-uri seni lan kabudayan.

Miturut katrangan saka tedhak tunune Ki Martoloyo, kabeh turunane Ki Martoloyo yen wis dipundhut dening Gusti Kang Maha Kuwasa, kudu disarekake ing pasareyan keluwarga Martoloyo. Nanging turunane kang wadon disarekake ing pasareyan desa utawa pasareyan umum. Dadi kang disarekake ing pasareyan keluwarga kuwi kudu turunane langsung saka Ki Martoloyo. Dadi saumpama putri, putramantu, lan wong kang ora kecipratan getih saka Ki Martoloyo ora oleh disarekake ing pasareyan kuwi.

Lengger isih bisa kita temoni tekan saiki ing tlatah Wonosobo. Sanajan jaman sansaya maju nanging, lengger tetep “eksis” utawa ora ketilep dening kemajuwan jaman.



CRITA PASUJUDAN SUNAN BONANG

Pasujudan Sunan Bonang kuwi manggon ing desa Bonang, Kecamatan Sluke, kabupaten Rembang. Persise manggon ing sangarepe pesisir Binangun. Yen arep rono kudu munggah dhisik amarga panggonane dhuwur. Pasujudan Sunan Bonang kuwi wujude watu sing ana tipak sujudane Sunan Bonang. Miturut critane masyarakat kono, pasujudan Sunan Bonang kuwi ndhek biyene watu sing dikanggo sujud Sunan Bonang kanggo nyedhakke panjenengane karo Gusti Allah. Sujude Sunan Bonang kuwi suwe banget saengga watu kuwi nipak palarapane Sunan Bonang. Saiki pasujudan Sunan Bonang kuwi dikeramatake dening masyarakat sekitar kono.
Panggonan kuwi dipercaya dadi panggonan sing mustajab kanggo njaluk pitulungan marang Gusti Allah. Sekitar 300 meter saka pasujudan Sunan Bonang uga ana makame Sunan Bonang.Ing komplek pasujudan Sunan Bonang kuwi uga ana makame Putri Cempa, watu layar, lan pandhe sing uga duwe sejarah dhewe-dhewe. Ing ngarepe pasujudan Sunan Bonang ana wit sing miturut critane msyarakat kono, wit kuwi ndhek biyen yaiku pancingan utawa piranti sing dikanggo mancing Sunan Bonang sing ditancepake ning lemah, banjur suwe-suwe dadi wit. Nanging saiki wit kuwi wis ora ana.Makame Putri Cempa kuwi uga duwe sejarah. Putri Cempa kuwi putri Cina sing gandrung marang Sunan Bonang.
Ananging tresnane marang Sunan Bonang ora keturutan. Sunan Bonang ora tresna marang Putri Cempa. Kanggo bukti tresnane, Putri Cempa lila ngenteni Sunan Bonang sujud. Putri Cempa ngenteni sujude Sunan Bonang tekan sedane. Banjur dimakamake ing sisihe pasujudane Sunan Bonang. Saiki makame Putri Cempa dikanggo wong-wong donga jaluk petunjuk marang Gusti Allah kanggo milih pasangan urip. Wong-wong percaya yen donga neng kono bakal entuk petunjuk dening Gusti Allah.Watu layar uga duwe sejarah. Watu layar kuwi wujude watu tipis lan amba kaya layar.
Miturut crita, Watu layar kuwi mbiyen kedadeyan saka layar kapale Sunan Bonang sing kerep dikanggo dagang. Layar kapal mau pisah saka kapale.
Kapale mau tugel, banjur dadi Gunung Bugel, yen layare mau banjur dadi watu. Banjur watu mau dijenengake watu layar amarga bentuke pancen kaya layar.Ing sekitar pasujudan Sunan Bonang uga ana pandhe. Pandhe kuwi wujude kaya gong. Nanging pandhe kuwi jaraang ditokake, menawa wae disinggahake dening juru kuncine. Miturut kepercayaane masyarakat Bonang, pandhe mau bakal muni dhewe upama arep ana bebaya ing wilayah kabupaten Rembang. Yen upama arep ana tsunami ing kabupaten Rembang, Pandhe kuwi bakal muni dhewe tanpa ana sing nuthuk. Pandhe mau anduweni paedah menehi peringatan dening masyarakat Rembang upama arep ana bebaya supaya masyarakat Rembang ati-ati.

Tidak ada komentar:

LAPORAN PRAKTEK KERJA LAPANGAN (PKL) PROGRAM KEAHLIAN FARMASI KLINIS DAN KOMUNITAS

  LAPORAN PRAKTEK KERJA LAPANGAN (PKL) PROGRAM KEAHLIAN FARMASI KLINIS DAN KOMUNITAS SMK  APOTEK QIRANI FARMA (Waktu Pelaksanaan: ...