Jumat, 04 Februari 2011

BULUS JIMBUNG

Tanah Jowo, abat kaping 7 Masehi
Raden patohan kapidana di kepras tungkake dening keng Ibu Ratu Narasingha ing kalingga. Awit tungkak iku nyenggol kampil isi duwit duweke liyan sing tiba ing jedhak gunung butak. Sang pangeran nuli ninggalake kutharaja. Dewi Mahdi putrane Adipati ing Winanga kang nate ngimpi ulah salulut lawan sang Patowan. Age sumusul kaderekae poro abdi, kelebu si Poleng lan si Remeng.
Karo -tengah sasi pangeran anggone topo kungkum antuk kamurahaning Dewa, tungkak sing lara iku sakiki wis mari.malah bisa pulih kaya wingiuni. Sakwisi sinuwun Ratu Narasingha mireng yen putrane wis waluya. Nuli utusan narapraja kang nglantarake dhawuhe ingkang sinuwun. En sendang Jimbung iku isih ana sesambungane karo sendang Jalatunda ing kutha raja Kalingga. Mula pangeran Patowan kadhawuhan yasa kerajaan, di jenengake kerajaan gumampir. Sang pangeran jumeneng raja, ajejuluk prabu Joko Patuwon. Dene si Sidaraga, abdi sing banget setya wiwit biyen, di angkat dadi rekyiana patih.
Lakune Dewi Mahdi sapanderek wis teka kutharaja Gemampir. Sakwise takon-takon, Antuk katrangan bab pangeran Patuwon sakiki wis jumeneng raja. Maula Dewi Mahdi sapandherek nuli marak marak pagelaran. Sapandhurat Dewi Mahdi banget ngungun dene priyo sing di kangeni iku pranyata brengas sembada cakrak mrebawani. Wis suwe di impi-impi, Wis suwe di kangeni, Wis suwe kepingin banget ketemu lawan mengko kepriye olehe omong? Kepriye olehe arep ngetokake isining atine ?! Apa ora saru dene wanito ndisiki ngatonake katresnane ? Oh, putri sulistya saka kadipaten winanga iku bingung banget!
“ Heh wanudya sulistya. Sun sawang sira kaya dudu pawongan kawula karajan Gemampir kene, Nini !” Srinata ndangu.
“ Dhuh, sinuwun. Sakderengipun kawula matur, keparanga kula sakukuban ngaturaken sungkem pangabhekti mugi kunjuk ing sahandhap pepada paduka sinuwun, “
Sang ayu nyembah.
“ ganep temen tata-kramamu. Iya ta nini, banget panarimaku mungguh pangabhektimu sakukuban. Nitik busanamu, tata-kramamu lan kekuwunging wadanamu, cetha yen sira dudhu wong sembarangan. Saktemene sira iku sapa, lan apa perlune dene sira, sakukuban marak marang ngarsaningsun ?”
“ Kasinggihan, sinuwun. Ingkang sudi amastani, kula nama Dewi Mahdi, sesekaring dalem KadipatenWinanga. Sowan kula dhateng ngarsa paduka, keparenga badhe suwita. Amargi saget adereng raosipun manah kula kepingin suwita paduka. Bebasan nadyan, sager paduka kersa nampi pasuwitan kula. “
“ nini. Adoh temen pinangkamu, luhur temen palungguhanmu lan becik temen sedyamu. Nanging nini, wektu iki aku durung bisa paring pawangsulan. Gandheng sira sakukuban sajak kesel amarga lumaku adoh. Sun keparengkae lerem sapandherek ana wisma-rini, ngiras pantes ngenteni wangsulanipun!”
Dewi Mahdi sapandherek mundur saka pagelaran nuli lerem ana wisma-rini. Nganti teka sawijine wektu patih sidaraga teka ngemban tugas dhawuhing nata, kang paring wangsulan yen Prabu Jaka Patawon ora bisa nampa pasuwitane sang Dewi poleng bali menyang wisma-rini matur lamun sang Prabu Jaka Patowan mula ora bisa nampa pasuwitane sang putri, putri Mahdi banget lingsem, temah peteng jagade lan rupak nalare, banjur nekad suduk-selire dadi lan sedane.
Sedane Dewi Mahdi agawe susahe para pendherek serta ndadekake muringe ki Remeng lan Ki Poleng. Paraning kanepsone tumuju marang Prabu Kaka Patawon. Mula Ki Remeng lan Ki Poleng bali mlebu menyang kraton, terus muring-muring lan tuding-tuding marang sang Prabu, serta ndakwa yen sang Prabu ora weroh sedya becik. Wiwitane kenepsone abdi loro iku kasangga ayem dening sang Prabu. Nanging bareng kanepsone Poleng lan Remeng keladuk nyenyemah nganti linggar saka garise kamanungsan lan tata-krama, dadi ilang kesabarane sang Prabu, ketrucut pangandikane.
“ Remeng lan Poleng ! Bendaramu dhewe sing ora weruh ing kutamaning wanita ! kowe sakloron ing ngatase priya wredha, uga ora weruh ing unggah-ungguh. Ora pantes kowe padha wicara ana ngarepku, becik kowe padha meneng kaya bulus !!”
Mandi sabdane Raja Jleg. Remeng lan Poleng ilang wewujudane manungsa, malih dadi bulus ireng lan belang. Nadyan lelorone padha nangis-nangis nyuwun aksama, nanging tibane pepesthen wis lumaku. Bulus loro iku kapapanake ana belik utawa sendhang jimbung bisa ditonton nganti saiki.

Sumber : Kalawarti “ GENTA”

Tidak ada komentar:

LAPORAN PRAKTEK KERJA LAPANGAN (PKL) PROGRAM KEAHLIAN FARMASI KLINIS DAN KOMUNITAS

  LAPORAN PRAKTEK KERJA LAPANGAN (PKL) PROGRAM KEAHLIAN FARMASI KLINIS DAN KOMUNITAS SMK  APOTEK QIRANI FARMA (Waktu Pelaksanaan: ...