Carita iki kawiwitan nalika perang Diponegoro, yaiku perange Indonesia mungsuh Walanda. Nalika semana Indonesia isih awujud kerajaan-kerajaan kayata kerajaan Tarumanegara, Samudera Pasai, Mataram lan sak panunggalane.
Nalika perang Diponegoro kababar akeh para prajurit, tumenggung, kawula lan liya-liyane kang budhal perang. Semono uga R.Tumenggung Dipoyudi IV, salah siwijining Tumenggung ing Mataram uga budhal ing paprangan. Senadyan abot, nanging dheweke kudu bisa ninggalake kaluargane kang dtresnani banget, iki sadermo kanggo kapentingan Negara.
Sadurunge paprangan kawiwitan Raja, Tumenggung, lan para panasehat Raja nganakake Pasewakan Agung saperlu kanggo ngrembug babagan perang. Ana Pasewakan Agung Raja ngutus R.Tumenggung Dipoyudo IV supaya mimpin paprangan, banjur menehi keris kang sekti mandraguna.
Ana kana Raja uga dhawuh marang R.Tumenggung Dipoyudo IV, “Aja pisan-pisan sliramu lan wadyabalamu (prajuritmu) ngadohi benteng pertahane dhewe amarga bisa cilaka dadine.” Mangkana dhawuhe Raja. Pasewakan Agung ditutup. Kabeh padha ngerti tugase dhewe-dhewe. Ora ganti suwe R. Tumenggung lan wadyabalane wis kumpul dadi siji ing alun-alun saperlu nyiapake paprangan. Ana pasukan kang nggawa parang, pedhang, panah lan gaman liyane kabeh dadi siji nyawiji ing paprangan, aba-aba muni, paprangan kawiwitan sorak-sorak para prajurit , suwara pedang, panah, lan bedhil dadi siji thar…..thor……thar….thor. Akeh prajurit Mataram kang mati muspra amarga nglanggar dhawuhe Sang Raja yaiku ngliwati benteng pertahanan. Paprangan sansaya rame, para prajurit akeh kang tumiba amarga kena gamane Walanda. Samparane R. Tumenggung Dipoyudo IV uga kena gamane Walanda. Ora nganti suwe ana mburine R.Tumenggung Dipoyudo IV ana salah siwijining prajurit saka Walanda kang ngamang-ngamang pedang nanging tujune R. Tumenggung Dipoyudo IV bisa nylametake awake yaiku mlumpat saka jaran kang ditunggangi. Ngengingi kahanan kaya mangkono R.Tumenggung langsung mburu prajurit kuwi banjur dipateni. Wusana paprangan rampung walanda bisa dikalahake, Mataram oleh kamenangan. Sawise paprangan rampung R. Tumenggung sakwadyabala uga para petinggi-petinggi Walanda sing dicekel banjur digawa bali menyang kerajaan mataram.
R. Tumenggung banjur sowan dhateng kanjeng Gusti Mataram, matur menawa Walanda bisa dikalahake. Ora liya kejaba bungah ngengengi kahanan mangkono. Kanggo balas jasa marang R. Tumenggung Dipoyudo IV, dheweke diangkat dadi Bupati Banjarnegara adhedhasar Resolutie Governoer General Buitenzorg tanggal 22 agustus 1831 nomor I supaya ngisi jabatan Bupati Banjar kang wis dibusak utawa diapus setatuse kanthi panggonan ing Banjarmangu, banjur dikenal kanthi sebutan Banjarwatulembu. Sawise diangkat dadi Bupati R.Tumenggung kondur ing daleme, ibune kaget banget ngengingi kahanan mangkono. Banjur para Walanda kang dicekel dikunjara dadi tahanane Mataram.
Dadi Bupati ora gampang tumrape R. Tumenggung Dipoyudo IV, dheweke bingung, dheweke kudu bisa nata, ngatur dhaerahe dadi dhaerah kang subur lan makmur. Akeh banget alangane salah sijining yaiku mbludage Kali Serayu kang dadi kendhala angele rerembugan iki dirasakake dadi beban kanggo bupati nalika kudu ngrawuhi Pasewakan Agung ing kasunan Surakarta. Kanggo ngatasi perkara kuwi R. Tumenggung Dipoyudo IV nggawe kaputusan yaiku mindhahake ibukota kabupaten ing sisih kidule Kali Serayu. R.Tumenggung banjur nggoleki dhaerah kang apik kanthi mangembara. Ing tengahing pangumbarane dheweke dicegat bagal nanging dhasare wong pinter geluta karo sapa wae mesthi menange. Ora mung semono ing tengah alas R. Tumenggung uga ketemu wong wadon ayu banget ngrayu supaya ora usah nggoleki dhaerah maneh, luwih becik urip ing tengahing alas kene karo dheweke, sing sejatine iku iblis. R. Tumenggung mung mesem ngguyu. Banjur teka mbah-mbah kang nuduhake yen sisih alas kana ana dhaerah kang apik nanging kanyata dhaerah mau among jurang.
Ing kana R. Tumenggung banjur nyekel ula gedhe, ula iku ngomong, “Aku aja dipateni, Den.” Dheweke banjur ngeculake ula mau.
Pungkasan R. Tumenggung nemokake dhaerah anyar, kaanane dhaerah sing anyar iku wujude sawah-sawah kang amba kanthi pereng-pereng kang medeni. Panggonan sing isih sawahe (Banjar) iku digawe ibukota kabupaten (Negara) sing anyar sahengga dhaerah iki kasebut dadi Banjarnegara (Banjar: Sawah, Negara: Kota).
DAWET AYU BANJARNEGARA
Sekitar taun 50 kota Banjarnegara tenar dadi kota Buntil lan dawet ayu, lewih-lewih Bung Karno (alm) teka marang kota Banjarnegara iki. Sing wektu kuwi Buntil lan dawet ayu saka desa Rejasa suguhan sing paling utama. Panganan khas loro kuwi mau sing diarani mlecit. Ananging dudu mung panganan khas loro mau kuwi tok nanging ana maneh sing pada tenare yaiku Jarak lan kerajinan Keramik saka kecamatan Kelampok.
“ Dina Jum’at esuk aku mulih saka Semarang marang Banjarnegara, jam siji awan aku tekan terminal Banjarnegara, saurungw bali nomah aku mampir marang warung dawet ayu sing ora adoh saka terminal Banjarnegara yaiku warung dawete bu Munarjo, bakul dawet sing paling terkenal kawit gemiyen. Aku mlebu warung langsung pesen
“ Bu dawete setunggal
“ Nggih mbak, dahar mriki mbak wangsulane bakul dawet?
“ Nggih bu, wektu kuwi warunge lagi sepi ora ana sing tuku, mung bu Munarjo karo rewang-rewange tok . bu Munarjo sing wis tua ananging praupane esih keton ayu, lincah banget ngone ngracik dawete…..!
“ Niki mbak dawete. Salah siji rewang sing arane Jamilah . wektu kuwi aku langsung takon marang rewange. Asal usule kok diarani dawet ayu???
“ Mba Jamilah jawab karo ngligut marang mburi aran dawet kuwi mau perkoro sing dodol/bakul-bakule ayu-ayu,lan cendole warnane jambon ayu dadi diarani dawet ayu. Bu Munarjo juga nyambung pitakonku karo mesem deweke njawab dukalah niku sing maringi nami lare-lare mbok . kula piyambek mboten ngertos lha kados pundi malih kula nggih matur nuwun dene, dawete ku;la dados kesuwur.
“ Aku lagi crita-crita ana wong loro lanang wadon mlebu warunge bu Munarja,langsung lungguh nang jejerku. bu kalih dawete,
“ Nggih pak.
“ Bapak-bapak sing setengah tua kuwi mau nyambung pitakonku karo bu munarja, bapak kuwi mau crita jarene aran dawet ayu kuwi mau asale saka judul lagu pop jawa (gendhing jawa) hasil ciptaane Adhimas s,bono. Jarene Adhimas ngone nyiptakna lagu kuwi ngilhami saka bakul-bakul dawet ayu sing ayu-ayu praupane.
“ O…., dadi kaya ngono to critane, bu Munarjo kuwi asale saka desa Rejasa, ya jarene tangganan karo pak Dullah, pak dullah kuwi juga dodol dawet wektu taun 50.
Dawet ayu kuwi uwis kawit nbiyen wektu taun 50an nangin dawet mbiyen durung diwenehi es batu, nanging rasane bener-bener khas. Bu Munarjo lan rewang-rewange sedina-dinane sabar ngone nunggoni dagangane. Kiose sing biasane rame ditekani marang pelanggane sing tepate nang dalan dipayuda. Ya kaya bakul-bakul dawet liyane sing ana nang kota Banjarnegara.
“ Nang samping bakulan ko mesti anan wayang punakawan yaiku wayang Semar lan Gareng.
“ Jawabe bu Munarjo gambar Gareng karo Semar nglambangake rakyat biasa utawi rakyat awam. Ya maksude wedang dawet kuwi jajanan sing murah meriah.
Kabeh bakul dawwet saka Banjarnegara nganggo aran dawet ayu sing lagi tenanr, dawet gaweane bu Munarjo. Dadi akeh bakul-bakul sing padha ndompleng ketenaran dawete bu Munarjo. Ora mung nang kota Banjarnegara tok dawet ayu tenar nang kota-kota liyane kaya dene Purwokerto, Purbalingga, Cilacap, lan liya-liyane. Palah nganti tekan Jogja bisa di deleng akeh bakul-bakul dawet ayu saka Banjarnegara. Bakul-bakul padha ngaku keponakane utawa tunggale bu Munarja. Jarene setiap pembukaan PRPP nang Semarang pak Bupati mesti boking dawet ayu kanggo di suguhna nang Stand kabupaten Banjarnegara, gratis.
“ Bu MInaaaaaaaarja lan rewange karo nglayani wong tuku bu Munarjo karo crita sedina-dinane rata-rata mbutuhake krambil 30 gluntung kanggo gawe santen, 10kilo glepung beras kanggo gawe cendol lan 50kilo gula kanggo gawew juruh. Dawet ayu sing duwe rasa khas. Lewih-lewih juruhe di wenehi duren utawa nangka, lan condole diwenehi godong pandan lan saantene kenthel, rasane wis bener-bener aduhai……, pokoke nylekamin pisan.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
LAPORAN PRAKTEK KERJA LAPANGAN (PKL) PROGRAM KEAHLIAN FARMASI KLINIS DAN KOMUNITAS
LAPORAN PRAKTEK KERJA LAPANGAN (PKL) PROGRAM KEAHLIAN FARMASI KLINIS DAN KOMUNITAS SMK APOTEK QIRANI FARMA (Waktu Pelaksanaan: ...
-
L APORAN PRAKTIK KERJA LAPANGAN (PKL) PT DELAPAN JAYA PERKASA GARMEN Disusun sebagai laporan pelaksanaan Praktik Kerja Lapangan (P...
-
KATA PENGANTAR Puji Syukur Kami Panjatkan kepada Tuhan Yang Maha Esa atas berkat dan pertolonganNya sehingga penyusunan makalah menge...
-
Nalika jaman biyen, ana wong telu kang merguru ing padhepokan Argo Dimillah ing gunung Lawu. Kang lanang, jenenge Bayulan Giri, yen sing wad...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar